Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 9:31-49 Kitab Sutji (JAV)

31. Sang Zebul banjur nglampahake utusan menyang ing ngarsane Sang Abimelekh ing Aruma, kadhawuhan matur: “Lah Gaal bin Ebed kaliyan para sadherekipun sami dhateng ing Sikhem, tuwin kauningana, punika sami ngojok-ojoki tiyang Sikhem supados nglawan dhumateng panjenengan dalem.

32. Ingkang punika sumangga panjenengan dalem kawula aturi jengkar ing wanci dalu, inggih panjenengan dalem dalah rakyat ingkang ndherekaken panjenengan dalem, saha kawula aturi nyegat wonten ing pategilan.

33. Benjing-enjing, ing wanci pletheking surya panjenengan dalem kawula aturi nempuh kitha punika. lah manawi pun Gaal sabalanipun sami medali nglawan panjenengan dalem, panjenengan dalem lajeng karsaa nandukaken punapa ingkang laras kaliyan kawontenan, ingkang panjenengan dalem uningani.”

34. Mulane Sang Abimelekh ing wayah bengi banjur bidhal dalah rakyat kang ndherekake kabeh, sarta ana ing Sikhem tumuli nganakake panyegatan patang pantha kanggo nglawan Sikhem.

35. Bareng Gaal bin Ebed metu lan ngadeg ana ing ngarepe gapuraning kutha iku, Sang Abimelekh pinuju budhal saka ing panyegatan karo rakyat kang ndherekake.

36. Bareng Gaal weruh bala mau banjur matur marang Sang Zebul: “Lah kok wonten tiyang kathah ingkang mandhap saking pucaking redi.” Sang Zebul mangsuli: “Iku wayanganing gunung, kang koksengguh wong.”

37. Nanging Gaal matur maneh: “Lah wonten tiyang kathah ingkang mandhap saking redi Pusering Siti lan wonten sapantha malih dhateng saking margi wit elon Pameca.”

38. Paring wangsulane Sang Zebul marang Gaal: “Ana ing ngendi saiki cangkemmu kang duwe pangucap: Abimelekh iku sapa, dene aku kok padha ngawula marang dheweke? Iki wong-wong kang padha kokcampahi. Saiki majua tempuhen iku!”

39. Gaal banjur mangsah sinawang dening wong ing kutha Sikhem nempuh perang nglawan Sang Abimelekh.

40. Nanging tumuli dioyak dening Sang Abimelekh lan lumayu saka ing ngarsane, sarta akeh kang padha mati nganti tekan ing sangarepe gapura.

41. Dene Sang Abimelekh iku tetep ana ing Aruma, nanging Sang Zebul nundhung Gaal karo para sadulure, temah padha ora bisa tetep manggon ana ing Sikhem.

42. Esuke wong ing kutha kono padha metu menyang ing pategalan. Bareng prakara iku diaturake maang Sang Abimelekh,

43. Sang Abimelekh tumuli mbekta balane, diperang dadi telung pantha sarta nata panyegatan ana ing pategalan. Bareng katon wong-wong padha metu saka ing kutha banjur ditempuh lan dipateni.

44. Sang Abimelekh karo bala sapantha kang ndherekake iku padha nempuh lan banjur mapan ana ing gapuraning kutha, dene kang rong pantha padha nempuh lan mateni kabeh wong kang ana ing petegalan.

45. Sang Abimelekh panempuhe marang kutha iku nganti sadina muput; kuthane direbut lan wong-wong saisine dipateni, kuthane digempur lan disawuri uyah.

46. Bareng wong saisine kutha Menara-Sikhem krungu kang mangkono iku, banjur padha lumebu ing guwa sangisore kabuyutane El-Berit.

47. Sang Abimelekh nuli dicaosi uninga, yen sakehing wong ing kutha Menara-Sikhem nglumpuk ana ing kono.

48. Sang Abimelekh dalah sabalane kabeh tumuli munggah ing gunung Zalmon. Sang Abimelekh banjur mundhut wadung lan ngethoki pang-panging wit-witan, tumuli dipanggul sarta dhawuh marang wong kang padha ndherekake: “Enggal padha nindakna apa kang daklakoni, kang padha kok deleng iki!”

49. Balane banjur iya padha ngethoki pang dhewe-dhewe sarta ndherekake Sang Abimelekh; kayune tumuli ditumpangake ing guwa mau, sarta guwa iku diobong klawan geni ana ing sadhuwure sirahe wong-wong mau, temah wong-wong saisine kutha Menara-Sikhem iya padha mati, lanang lan wadon watara wong sewu.

maca bab lengkap Para Hakim 9