Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 7:18-25 Kitab Sutji (JAV)

18. Samangsa aku lan wong kabeh kang melu aku ngunekake kalasangka, kowe iya banjur padha ngunekna kalasangka uga ana ing sakubenge pakemahan iku kabeh sarta padha nguwuh-uwuha: “Demi Pangeran Yehuwah lan demi Sang Gidheon!”

19. Sang Gidheon karo wong satus kang ndherek tumuli padha tekan ing tepis-wiringe pakemahan nalika wiwitane giliraning jaga ing tengah wengi, nalika para prajurit jaga lagi bae padha kapapanake. Banjur padha ngunekake kalasangkane sarta ngremuki guci kang ana ing tangane.

20. Kaya mangkono anggone wong telung pantha mau bebarengan padha ngunekake kalasangkane lan ngremuki gucine, obore dicekeli ing tangane kiwa lan kalasangkane ing tangane tengen, padha diunekake karo nguwuh-uwuh: “Pedhange Pangeran Yehuwah lan Sang Gidheon!”

21. Nalika iku wong-wong padha mapan ana ing panggonane dhewe-dhewe ana ing sakubenge pakemahan, nanging wadya-balaning mungsuh banjur padha pating bilulung sarta padha lumayu karo jelih-jelih.

22. Nalika wong telung atus mau padha ngunekake kalasangkane, Sang Yehuwah tumuli ndadosake wong padha pedhang-pinedhang ana ing pakemahane sarta wadya-bala iku banjur padha lumayu nganti tekan ing Bet-Sita, ngener ing Zerera nganti tekan ing pinggire Abel-Mehola ing sacedhake Tabat.

23. Ing kono wong Israel suku Naftali lan Asyer tuwin Manasye kabeh nuli padha kaklumpukake sarta banjur padha ngoyak wong Midian.

24. Sang Gidheon iya utusan menyang ing saindhenge pagunungan Efraim kanthi dhawuh: “Padha mudhuna, mapagna wong Midian, padha mepetana sakehe pasabrangan, uga pasabrangane bengawan Yarden nganti tutug ing Bet-Bara.” Sakehing wong ing Efraim tumuli padha diklumpukake lan mepeti sakehe pasabrangan, uga pasabrangane bengawan Yarden nganti tutug ing Bet-Bara.

25. Wong-wong mau padha bisa nawan ratune wong Midian loro; yaiku: Prabu Oreb lan Zeeb. Prabu Oreb iku disedani ana ing gunung parang Oreb lan Prabu Zeeb ana ing pamipitan Zeeb. Wong-wong ngoyak wong Midian. Mustakane Prabu Oreb lan Prabu Zeeb mau banjur padha digawa menyang ing ngarsane Sang Gidheon ana ing sabrangane bengawan Yarden.

maca bab lengkap Para Hakim 7