Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 7:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Wong-wong nuli padha didhawuhi: “Padha ngawasna lan nirua aku: lah samangsa aku wis tekan ing tapel-watese pakemahan, nuli kowe padha nirua sapratingkahku.

18. Samangsa aku lan wong kabeh kang melu aku ngunekake kalasangka, kowe iya banjur padha ngunekna kalasangka uga ana ing sakubenge pakemahan iku kabeh sarta padha nguwuh-uwuha: “Demi Pangeran Yehuwah lan demi Sang Gidheon!”

19. Sang Gidheon karo wong satus kang ndherek tumuli padha tekan ing tepis-wiringe pakemahan nalika wiwitane giliraning jaga ing tengah wengi, nalika para prajurit jaga lagi bae padha kapapanake. Banjur padha ngunekake kalasangkane sarta ngremuki guci kang ana ing tangane.

20. Kaya mangkono anggone wong telung pantha mau bebarengan padha ngunekake kalasangkane lan ngremuki gucine, obore dicekeli ing tangane kiwa lan kalasangkane ing tangane tengen, padha diunekake karo nguwuh-uwuh: “Pedhange Pangeran Yehuwah lan Sang Gidheon!”

21. Nalika iku wong-wong padha mapan ana ing panggonane dhewe-dhewe ana ing sakubenge pakemahan, nanging wadya-balaning mungsuh banjur padha pating bilulung sarta padha lumayu karo jelih-jelih.

22. Nalika wong telung atus mau padha ngunekake kalasangkane, Sang Yehuwah tumuli ndadosake wong padha pedhang-pinedhang ana ing pakemahane sarta wadya-bala iku banjur padha lumayu nganti tekan ing Bet-Sita, ngener ing Zerera nganti tekan ing pinggire Abel-Mehola ing sacedhake Tabat.

maca bab lengkap Para Hakim 7