Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 5:7-15 Kitab Sutji (JAV)

7. Para wong kang manggon ana ing padesan ing tanah Israel padha meneng bae, iya padha meneng,nganti tumekane kowe madeg, Dhebora,dadi ibu ana ing Israel.

8. Nalika wong padha milih allah anyar,banjur tuwuh perang ing ngareping gapura,lan tameng utawa tumbakora katon ana ing tengahe wong patang puluh ewu ing Israel.

9. Atiku kakenan marang para senapatine Israelmarang para kang padha cumadhang klawan sukarila ing antarane bangsa iki.Sang Yehuwah pinujia!

10. Kowe, kang padha nunggang kuldi wadon putih,kang padha lungguh ana ing babud,kang padha lumaku ana ing dedalan, wartakna prakara iku!

11. Ing papan-papan pangangson, manut swaraning wong kang padha kekidungan,ing kono wong ngidungake pakaryane Sang Yehuwah kang adil,pakaryane kang adil tumrap wong padesan ing Israel.Ing nalika iku umate Sang Yehuwah padha mudhun menyang gapura.

12. Tangia, tangia, Dhebora!Tangia, tangia ngrepekna kekidungan!He Barak, ngadega lan para tawananmu padha giringen!He anake Abinoam!

13. Tumuli para wong luhur kang bisa oncat padha mudhun,umate Sang Yehuwah padha mudhun dadi prawira kagem Panjenengane.

14. Saka taler Efraim wong-wong kang manggon ing Amalek, padha mudhun menyang ing lebak,padha ngetutake kowe, heh, taler Benyamin klawan wadya-balamu.Saka suku Makhir kang tumurun para tetindhihing perang,lan saka taler Zebulon wong-wong kang padha nggawa teken kang kagawe nglumpukake wong.

15. Para pangareping taler Isakhar uga padha mbarengi Ibu Dhebora,lan kayadene Isakhar mangkono uga Naftali iya mbarengi Barak.Padha nututi dheweke lan nempuh lumebu ing lebak.Nanging wadya-balane taler Ruben akeh kang padha gojag-gajeg.

maca bab lengkap Para Hakim 5