Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 5:15-22 Kitab Sutji (JAV)

15. Para pangareping taler Isakhar uga padha mbarengi Ibu Dhebora,lan kayadene Isakhar mangkono uga Naftali iya mbarengi Barak.Padha nututi dheweke lan nempuh lumebu ing lebak.Nanging wadya-balane taler Ruben akeh kang padha gojag-gajeg.

16. Kena apa dene kowe kok padha thenguk-thenguk ana ing tengahing kandhang-kandhang.kambi ngrungokake suling kang kanggo ngundangi pepanthan?Saka wadya-balane taler Rubenakeh kang mbobot-timbang!

17. Wong Gilead padha ayem bae ana ing sabrange bengawan Yarden,dene taler Dhan, kena apa kok padha nunggoni prau-prau?Taler Asyer thenguk-thenguk ana ing pinggiring sagara,meneng bae ana ing teluk-teluke.

18. Nanging taler Zebulon iku bangsa kang wani ngetohake nyawane,mangkono uga taler Naftali, ing tetengger ing ara-ara.

19. Para ratu padha nglurug lan nempuh perang,ing wektu iku para ratu ing Kanaan padha perang,ana ing sacedhake Taanakh ing sumbering kali Megidho,nanging padha ora oleh jarahan selaka.

20. Lintang-lintang ing langit padha nempuh perang,padha nglawan Sisera saka ing dalaning kalangane.

21. Kali Kison ngentirake mungsuh,Kison, kali kang kesuwur wiwit kuna-makuna,-- He nyawaku, mangsaha klawan sarosamu! --

22. Ing wektu iku tracake jaran padha pating kethoplak,amarga playuning jaran-jarane sesanderan.

maca bab lengkap Para Hakim 5