Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 3:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. Sawuse mangkono nuli nyaosake bulubekti marang Prabu Eglon, ratu ing Moab. Dene Sang Prabu Eglon mau lema banget sarirane.

18. Bareng Sang Ehud wus rampung anggone nyaosake bulubekti mau, para utusan banjur padha dililani mundur,

19. nanging Sang Ehud piyambak kendel ing panggonan watu-watu kang tinatah, ing sacedhake Gilgal, tumuli bali sowan sarta munjuk: “Dhuh Sang Prabu, dalem mbekta aturpiweling ingkang winados kagem panjenengan dalem.” Sang Prabu banjur dhawuh: “Menenga dhisik!” Kang padha seba tumuli metu kabeh.

20. Sang Ehud tumuli sowan mlebu; nalika iku Sang Prabu pinuju piyambakan ana ing panggungan ing dalem pangisisan kang kagem ing sarirane piyambak. Sang Ehud tumuli munjuk: “Kawula badhe nglantaraken dhawuhipun Gusti Allah dhumateng panjenengan dalem.” Sang Prabu Eglon tumuli jumeneng saka ing palenggahane.

21. Sang Ehud tumuli gumrageh, astane kiwa mundhut goloke saka ing cethike tengen, disudukake ing padharane Prabu Eglon,

22. nganti wilah sagarane klebu. Gajihe nutupi wilahe, amarga goloke ora didudut saka ing padharane. Sang Ehud banjur medal langkung ing kori pungkuran.

23. Kalawan mangkono Sang Ehud tumuli rawuh ing pandhapa; bareng wis medal lawanging panggungan diinebake lan dikancing.

24. Lagi bae Sang Ehud medal, abdine Sang Prabu nuli padha teka arep ndeleng, nanging lawanging panggungan tinemu kancingan, dadi padha ngira: “Mesthine Gusti lagi turas ana ing dalem pangisisan.”

25. Banjur padha ngenteni, nganti judheg pikire, nanging Sang Prabu ora mbikak kori panggungan, mulane padha njupuk kunci, lawange diwengakake, lah gustine tinemu wus seda, gumuling ana ing jogan.

maca bab lengkap Para Hakim 3