Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 21:7-23 Kitab Sutji (JAV)

7. Kapriye ta rekane tumrap wong kang isih kari iku anggonku padha ngolehake bojo, amarga aku wus padha sumpah demi Sang Yehuwah, yen ora bakal menehake anakku wadon marang para wong iku dadi somahe.”

8. Mulane padha ngucap: “Panunggalane taler Israel apa ana kang ora melu seba marang ing ngarsane Sang yehuwah ana ing Mizpa?” Lah ing kono banjur kasumurupan, manawa wong ing Yabesy-Gilead iku ora ana wong siji-sijia kang nekani ing pakemahan ing pasamuwan iku.

9. Cacahe bangsa banjur katiti-priksa, lah ora ana wong siji-sijia saka ing Yabesy-Gilead.

10. Pasamuwan tumuli nglakokake bala rolas ewu mrana, panunggalane para wong kang gagah prakosa, sarta padha diwekas mangkene: “Padha budhala, wong ing Yabesy-Gilead padha tumpesen klawan landheping pedhang, dalah wong wadon lan bocah-bocahe.

11. Nanging tumindakmu mangkenea: sakehing wong lanang lan wong wadon kang wis tau ngalami tunggal turu, iku padha tumpesen.”

12. Anadene panunggalane wong ing yabesy-Gilead tinemu ana bocahe wadon patang atus kang padha isih prawan, kang durung tau tunggal turu karo wong lanang, iku padha digawa menyang pakemahan ing Silo, kang kaprenah ana ing tanah Kanaan.

13. Sawuse mangkono wong saumat kabeh tumuli kongkonan ngandhani bani Benyamin kang ana ing gunung parang Rimon, sarta padha diajak bedhami.

14. Ing nalika iku suku Benyamin banjur bali, sarta padha diwenehi wong wadon kang padha diuripi panunggalane wong wadon ing Yabesy-Gilead, ewadene cacahe durung nyukupi kanggo wong-wong mau.

15. Bangsa iku mesakake marang taler Benyamin, amarga Sang Yehuwah ndadosake gempale taler Israel.

16. Sawuse mangkono para tetuwane pasamuwan tumuli padha duwe pangucap: “Kapriye patrap kita nggolekake jodho wong kang isih kari urip iki? Amarga wong wadon ing antarane bani Benyamin wis padha sirna.”

17. Apa maneh pangucape: “Tanah-pusaka warisane wong-wong kang padha oncat iku tetepa dadi darbeke taler Benyamin, supaya aja nganti ana taler kang ilang saka ing antarane wong Israel.

18. Nanging mungguh aku iki padha ora kena menehake rabi anakku dhewe, amarga wong Israel wus padha sumpah mangkene: Kenaa ing ipat-ipat sapa kang menehi bojo marang wong Benyamin.”

19. Ing kono banjur ana kang duwe rembug mangkene: “Lah saben taun ing Silo rak ana pahargyan riyaya sumaos marang Sang Yehuwah ana ing salore Betel, sawetane dalan gedhe saka Betel menyang ing Sikhem lan ig sakidule Lebona.”

20. Wong bani Bwenyamin tumuli padha diwekas mangkene: “Kowe padha lungaa, nyegata ana ing pakebonan anggur.

21. Padha ngawasna temenan; manawa prawan-prawan ing Silo padha metu jejogedan, kowe nuli padha metua saka ing pakebonan anggur mau, lan siji-sijine panunggalanmu nggondhola prawan ing Silo siji dadia bojomu lan padha menyanga ing tanah Benyamin.

22. Saupama bapakne utawa sadulure prawan mau padha njaluk adil marang aku, tumuli bakal padha dakkandhani: Bok iku padha wenehna marang aku kalawan lega-lila ta, amarga ing sajroning perang kita ora bisa nyekel wong wadon minangka jodhone, rak dudu kowe kang ngwenehake prawan-prawan iku marang wong-wong iku; sabab manawa mangkono, kowe padha kaluputan.”

23. Bani Benyamin dadine padha nglakoni mangkono; padha oleh bojo miturut ananing cacahe, kang karampas saka panunggalane prawan kang padha jejogedan; tumuli padha bali menyang ing tanah-pusakane lan kuthane padha dibangun maneh lan dienggoni.

maca bab lengkap Para Hakim 21