Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 19:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika ing Israel ora ana ratune kelakon ana sawijining wong Lewi kang neneka, manggon ana ing pungkurane pagunungan Efraim, kang ngalap bojo selir saka ing Betlehem-Yehuda.

2. Nanging selire iku nuli sedheng marang dheweke, banjur purik ninggal bojone mulih menyang omahe bapakne ing Betlehem-Yehuda mau, nuli ana ing kono suwene patang sasi.

3. Bojone tumuli mangkat nusul arep diarih-arih murih baline; lakune kanthi batur lanang siji lan kuldi loro. Satekane ing kana banjur diajak dening wong wadon enom iku lumebu ing omahe bapakne. Bareng bapakne wong wadon mau weruh tekane, tumuli diacarani klawan bungah.

4. Malah banjur diendheg dening maratuwane, iya iku bapakne wong wadon noml mau, nganti telung dina ana ing omahe bapakne iku; padha mangan lan ngombe sarta nginep ana ing kono.

5. Bareng ing patang dinane nalika esuk uthuk-uthuk padha tangi lan nalika wong Lewi mau tata-tata arep mangkat, bapakne wong wadon mau tumuli kandha marang mantune: “Sarapan roti sacuwil dhisik, nuli padha mangkata!”

6. Dadine sakaro-karone banjur padha lungguh mangan lan ngombe. Bapakne wong wadon nom mau tumuli kandha marang wong lanang mau: “Kowe bok ndhanganake atimu nginep maneh lan ngenggar-enggar atimu!”

7. Nanging bareng wong mau ngadeg arep mangkat, dipeksa-peksa dening maratuwane, banjur nginep maneh.

8. Bareng ing limang dinane nalika wong mau tata-tata ing wayah esuk arep mangkat, bapakne wong wadon mau kandha: “Sarapana dhisik ta, banjur srantekna tekan wayah lingsir kulon.” Sakarone banjur padha mangan.

9. Bareng wonge ngadeg arep mangkat dalah selire lan bature, maratuwane, iya iku bapakne wong wadon iku, banjur celathu: “Lah ta delengen, iki wis lingsir kulon, ngarepake surup, bok nginep ana ing kene bae lan ngenggar-enggarna atimu, nuli sesuk tangia sing esuk lan banjur padha mangkata mulih.”

10. Nanging wonge ora gelem nginep, malah tumuli tata-tata lan banjur mangkat. Lakune tekan ing ngarepe Yebus -- yaiku Yerusalem -- dalasan kuldine loro kang wis abah-abahan lan selire uga melu.

11. Bareng lakune tekan ing cedhake Yebus mau, srengengene wus endhek banget; bature banjur matur marang bendarane: “Sumangga sami mampir ing kithanipun tiyang Yebus punika, sami nyipeng wonten ing ngriku.”

12. Nanging bendarane mangsuli: “Aku ora bakal padha mampir ing kuthane wong ngamanca, kang dudu wewengkone wong Israel, becik aku padha mbacutake laku nganti tekan ing kutha Gibea.”

13. Banjur kandha maneh marang bature: “Ayo padha mbacutake laku nganti tutug ing salah sawijining panggonan kana, padha nginep ana ing Gibea utawa ing Rama.”

maca bab lengkap Para Hakim 19