Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 18:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Wangsulane wong Lewi mau marang kang padha ngaruh-aruhi: “Makaten-makaten tandukipun Mikha dhateng kula; kula dipun blanja saha kula dados imamipun.”

5. Pangucape wong mau marang wong Lewi iku: “Sumangga panjenengan kula aturi neges dhateng Gusti Allah, supados kula sageda sami sumerep, punapa lampah kula punika badhe angsal damel.”

6. Wangsulane imam iku marang wong-wong mau: “Sami kula aturi tindak kanthi tentrem rahayu! Ayahan ingkang panjenengan lampahi punika sae wonten ing paningalipun sang Yehuwah.”

7. Wong lima mau banjur padha mangkat, nuli padha tekan ing Lais. Rakyat kang ana ing kono katon tentrem uripe, miturut adate wong ing Sidon, tentrem lan ayem. Wong iku ora padha kekurangan apa-apa ing bab apa kang ana ing salumahing bumi, malah padha sugih dhuwit. Pamanggone adoh karo wong ing Sidon lan padha ora sesrawungan karo sapa bae.

8. Wong kang padha nelik mau saulihe marang para sadulure tunggal taler ing Zora lan ing Esytaol, banjur ditakoni dening para sadulure mau: “Apa kang koktrenjuhi ana ing kana?”

9. Wangsulane: “Padha samektaa, payo padha mangsah nglurug mrana, amarga aku wus padha ndeleng nagara iku, pancen apik banget. Genea kowe padha meneng bae? Aja padha aras-arasen nglurug ngejegi lan ngebeki nagara iku!

10. Satekamu ing kana kowe bakal nrenjuhi rakyat kang tentrem uripe, sarta tanahe iku jembar alang-ujure. Lah Gusti Allah wus ngulungake iku marang ing tanganmu; iku panggonan kang ora kekurangan samubarang kang ana ing salumahing bumi.”

11. Tumuli gotrahe suku Dhan budhal saka ing Zora lan ing Esytaol kehe ana wong nem atus padha sikep gegaman.

12. Banjur padha mangkat lan tumuli makuwon ana ing sacedhake. Kiryat-Yearim ing tanah Yehuda. Mulane panggonan kono iku nganti saprene karan Mahane-Dhan; prenahe ana ing sakulone Kiryat-Yearim.

13. Saka ing kono terus baris menyang ing pagunungan Efraim lan padha tekan ing omahe Mikha.

14. Wong lima kang maune lunga nelik tanah ing Lais iku banjur padha kandha marang para sadulure, tembunge: “Apa kowe padha sumurup, yen ing omah-omah kene ana efode lan terafime, apadene reca ukir-ukiran lan reca cor-coran? Lah saiki kowe padha ngretia temenan apa kang bakal koklakoni!”

15. Banjur padha mampir nekani omahe wong nom suku Lewi iku ing omahe Mikha sarta padha takon kaslametane.

maca bab lengkap Para Hakim 18