Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 14:12-20 Kitab Sutji (JAV)

12. Wong iku banjur padha dipangandikani dening Sang Simson: “Sumangga, panjenengan sami kula caosi cangkriman, manawi ing salebetipun pahargyan pitung dinten punika panjenengan saged maringi batanganipun ingkang trep, panjenengan sami badhe kula caosi rasukan rangkepan mori alus tigang dasa iji, tuwin panganggen pameran tigang dasa pangadeg.

13. Nanging manawi panjenengan boten saged mbadhe, dados panjenengan ingkang kedah maringi dhateng kula rasukan rangkepan mori alus tigang dasa iji saha panganggen pameran tigang dasa pangadeg.” Pangucape wong mau marang Sang Simson: “Sumangga panjenengan wedharaken cangkrimanipun, badhe kula pirengaken.”

14. Pangandikane Sang Simson marang wong mau:“Wonten tedha ingkang medal saking ingkang memangsa, wonten lelegi ingkang medal saking ingkang rosa.”Nganti telung dina suwene ora ana kang bisa mbadhe cangkrimane.

15. Bareng dina kang kaping pitune, wong mau kandha marang garwane Sang Simson: “Bojomu bujuken, supaya nglairna batangane cangkriman iku marang aku; dene yen ora, aku bakal ngobong kowe sarta saisining omahe bapakmu. Apa perlune kowe ngundang aku, apa murih aku padha dadi mlarat? Rak ora ta?”

16. Sang Simson tumuli dirangkul karo muwun dening kang garwa, ature: “Panjenengan sengit dhateng kula lan boten remen dhateng kula; panjenengan mbethekaken cangkriman dhateng bangsa kula, nanging batanganipun boten panjenengan ngandikakaken dhateng kula.”

17. Nanging garwane nganti pitung dina suwene, ing sajroning pahargyan iku tansah muwun bae. Bareng tumeka pitung dinane batangane diwedharake marang garwane, amarga tansah nggubel bae, nuli batangane dipratelakake marang bangsane.

18. Bareng ing pitung dinane, sadurunge srengenge surup, wong ing nagara kono banjur matur marang Sang Simson:“Punapa ingkang leginipun ngungkuli madu?Punapa ingkang rosanipun ngungkuli singa?”Pangandikane Sang Simson marang wong-wong mau:“Yen anggonmu mluku ora nganggo sapiku wadon,mesthi kowe ora bisa mbatang cangkrimanku.”

19. Sang Simson tumuli katedhakan ing Rohe Yehuwah, banjur tindak menyang ing Askelon sarta mateni panunggalane wong telung puluh, padha didhedheli panganggone lan sandhangane pameran iku diwenehake marang wong kang padha bisa mbatang cangkrimane. Nanging dukane isih mulad-mulad, tumuli kondur menyang ing daleme kang rama.

20. Dene garwane Sang Simson iku digathukake karo kancane, tilas pengiringe.

maca bab lengkap Para Hakim 14