Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 12:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. banjur dikon muni: “Syibolet.” Saupama anggone ngucapake: sibolet, dadi ketara yen ora teteh pakecapane, banjur dicekel lan dipateni ana ing pasabrangane bengawan Yarden kono. Ing wektu samana wong Efraim kang dipateni ana patang puluh loro ewu.

7. Sang Yefta anggone jumeneng hakim ing Israel lawase nem taun. Sang Yefta wong Gilead banjur seda lan kasarekake ana ing salah sawijining kutha ing tanah Gilead.

8. Sapengkere Sang Yefta nuli kang jumeneng hakim ing Israel iku Sang Ebzan, saka ing Betlehem.

9. Putrane kakung telung puluh. Putrane putri telung puluh dikramakake oleh priya taler liya lan putrane kakung telung puluh dikramakake oleh wanita saka taler liya. Panjenengane ngereh wong Israel lawase pitung taun.

10. Sang Ebzan banjur seda, lan kasarekake ana ing Betlehem.

11. Sapengkere Sang Ebzan kang jumeneng hakim ing Israel iku Sang Elon, wong Zebulon. Anggone ngereh wong Israel lawase sepuluh taun.

12. Sang Elon wong Zebulon mau tumuli seda lan kasarekake ana ing Ayalon, ing tanah Zebulon.

13. Sapengkere Sang Elon kang jumeneng hakim ing Israel iku Sang Abdon bin Hilel, wong Piraton.

maca bab lengkap Para Hakim 12