Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 12:5-8 Kitab Sutji (JAV)

5. Wong Gilead iku padha ngejegi pasabrangane bengawan Yarden, kanggo nyegat wong Efraim. Manawa ana wong Efraim kang keplayu, nuli nembung arep nyabrang, wong Gilead tumuli padha nakoni: “Apa kowe wong Efraim?” Dene manawa mangsuli: “Dudu”,

6. banjur dikon muni: “Syibolet.” Saupama anggone ngucapake: sibolet, dadi ketara yen ora teteh pakecapane, banjur dicekel lan dipateni ana ing pasabrangane bengawan Yarden kono. Ing wektu samana wong Efraim kang dipateni ana patang puluh loro ewu.

7. Sang Yefta anggone jumeneng hakim ing Israel lawase nem taun. Sang Yefta wong Gilead banjur seda lan kasarekake ana ing salah sawijining kutha ing tanah Gilead.

8. Sapengkere Sang Yefta nuli kang jumeneng hakim ing Israel iku Sang Ebzan, saka ing Betlehem.

maca bab lengkap Para Hakim 12