Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 11:22-33 Kitab Sutji (JAV)

22. Kanthi makaten satlatahipun tiyang Amori sadaya sami dipun darbeki dening tiyang Israel wiwit ing lepen Arnon ngantos dumugi ing lepen Yabok, saha wiwit ing ara-ara samun ngantos dumugi ing benawi Yarden.

23. Lah sapunika, Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel sampun ngrebat darbekipun tiyang Amori wau kangge Israel, umatipun. Punapa panjenengan dalem badhe ngrebat nagarinipun punika?

24. Panjenengan dalem punapa boten badhe ndarbeni ingkang dados peparingipun Sang Kamos, allah panjenengan dalem? Makaten ugi kawula, inggih ngebeki sadaya ingkang sampun karebat dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula kangge kawula sadaya.

25. Tuwin malih panjenengan dalem punapa nglangkungi saenipun Sang Prabu Balak, bin Zipor, ratunipun bangsa Moab? Panjenenganipun punapa nate mundhut wewenangipun bangsa Israel? Punapa inggih nate nglawan perang?

26. Sampun antawis tigang atus taun tiyang Israel anggenipun sami manggen wonten ing Hesybon sawewengkonipun, kaliyan ing Aroer sawewengkonipun, tuwin wonten ing sakathahipun kitha ing sakiwa-tengenipun lepen Arnon, punapaa dene kitha wau boten panjenengan dalem rebat kala samanten?

27. Dados kawula boten gadhah kalepatan dhumateng panjenengan dalem, nanging panjenengan dalem ingkang damel piawon dhumateng kawula, sarta nempuh perang nglawan kawula. Sang Yehuwah ingkang jumeneng Hakim punika, mugi ngadilana ing antawisipun tiyang Israel kaliyan tiyang bani Amon.”

28. Nanging ratune bani Amon iku ora karsa ndhahar ature Sang Yefta marang panjenengane lumantar para utusan.

29. Ing kono Sang Yefta banjur katedhakan ing Rohe Pangeran Yehuwah, tumuli ngideri tanah Gilead lan Manasye, banjur nglangkungi Mizpa ing tanah Gilead lan saka ing Mizpa ing Gilead mau nuli tindak menyang ing dhaerahe bani Amon.

30. Sang Yefta tumuli nglairake nadar marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Manawi saestu Paduka ngulungaken tiyang bani Amon dhateng ing tangan kawula,

31. punapa kemawon ingkang medal rumiyin saking korinipun griya kawula, methukaken kawula, samangsa kawula mantuk klayan wilujeng saking ngajengipun tiyang bani Amon, punika badhe dados sesengkeranipun Sang Yehuwah, badhe kawula saosaken dados kurban obaran.”

32. Sang Yefta tumuli nglajengake tindake nglurug nglawan bani Amon, lan iku banjur padha diulungake ing astane dening Sang Yehuwah.

33. Mungsuhe padha kagecak kang luwih banget wiwit ing Aroer nganti tutug ing sacedhake Minit, -- kuthane kehe rong puluh -- malah ngnati tutug ing Abel-Keramim. Kaya mangkono bani Amon padha diesorake ana ing ngarepane wong Israel.

maca bab lengkap Para Hakim 11