Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 11:2-16 Kitab Sutji (JAV)

2. Dene garwane Sang Gilead mau iya peputra kakung. Bareng para putrane garwane iku wus padha diwasa banjur padha nundhung Sang Yefta, pangucape: “Kowe ora nduweni pusaka warisan saka kulawargaku, amarga kowe iku anake wong wadon liya.”

3. Mulane Sang Yefta banjur kesah saka ing antarane para sadhereke, sarta manggen ana ing tanah Tob; ana ing kana Sang Yefta kempal karo para wong glandhangan kang padha ngrampog bareng karo panjenengane.

4. Ora antara lawas wong bani Amon padha nglurugi perang nglawan wong Israel.

5. Lan nalika bani Amon nglurugi perang nglawan wong Israel, para panggedhening wong Gilead banjur padha methuk Sang Yefta saka ing tanah Tob.

6. Ature marang Sang Yefta: “Sumangga panjenengan kula aturi dados tetindhih kula nglawan perangipun tiyang bani Amon.”

7. Nanging Sang Yefta mangsuli marang para tuwa-tuwane wong ing Gilead: “Panjenengan rak sami sengit dhateng kula, saha kula panjenengan tundhung saking griyanipun kulawarga kula? Punapaaa dene sareng sapunika nandhang karibedan, panjenengan kok murugi kula?”

8. Para tuwa-tuwaning wong Gilead banjur matur marang sang Yefta: “Pancen, dhateng kula punika sami murugi panjenengan, karsaa tumut kula sami mangsah perang nglawan tiyang bani Amon, panjenengan badhe kula dadosaken pangageng kula, tiyang ing tanah Gilead sedaya.”

9. Wangsulane Sang Yefta marang para tetuwane wong Gilead: “Dados, manawi kula panjenengan bekta wangsul kapurih nglawan perangipun tiyang bani Amon, lan Pangeran Yehuwah ngulungaken mengsah punika ing tangan kula, kula ingkang badhe panjenengan dadosaken pangageng panjenengan?”

10. Wangsulane para tetuwaning wong Gilead marang Sang Yefta: “Sang Yehuwah ingkang dados seksi ingkang miyarsa ing antawisipun panjenengan kaliyan kula. Kula badhe nglampahi kados ing sapangandika panjenengan wau.”

11. Sang Yefta dadine nyarengi lakune para tetuwane wong ing Gilead, banjur dijumenengake dening wong akeh dadi panggedhe lan tetindhihe. Nanging Sang Yefta banjur ngaturake sakehing prakarane ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ana ing Mizpa.

12. Sang Yefta banjur nglampahake utusan marang ratune bani Amon, kadhawuhan matur: “Wonten prakawis punapa ing antawisipun panjenengan dalem kaliyan kawula, dene panjenengan dalem kok ngrawuhi kawula merangi bangsa kawula?”

13. Ratune bani Amon tumuli ngandika marang utusane Sang Yefta: “Nalika bangsa Israel bidhal saking tanah Mesir, sampun ngrayud tanah kula saking lepen Arnon, ngantos dumugi ing lepen Yabok lan ngantos dumugi benawi Yarden. Lah sadaya punika panjenengan wangsulaken dhateng kula kanthi patrap ingkang sae.”

14. Nanging Sang Yefta banjur nglampahake utusan maneh marang ratune bani Amon

15. kanthi piweling: “Aturipun Yefta makaten: Tiyang Israel boten ngrayud tanahipun tiyang Moab utawi bani Amon,

16. awit nalika bidhalipun saking tanah Mesir tiyang Israel lajeng sami lumampah medal ing ara-ara samun dumugi ing saganten Teberau lajeng dumugi ing Kadesy.

maca bab lengkap Para Hakim 11