Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 11:17-28 Kitab Sutji (JAV)

17. kala samanten tiyang Israel lajeng sami nglampahaken utusan dhateng ratunipun nagari Edom klayan panyuwunan mugi kelilana medal tanah wewengkon dalem, nanging ratu ing nagari Edom boten karsa mirengaken; ugi nglampahaken utusan dhateng ratu ing nagari Moab, dene ratu punika ugi boten marengaken, temahan tiyang Israel lajeng kendel wonten ing Kadesy.

18. Sasampunipun tumunten lumampah wonten ing ara-ara samun, ngubengi tanahipun tiyang Edom kaliyan tiyang Moab wau, ngantos dumugi ing sawetanipun tanah Moab, lajeng sami makuwon wonten ing sabrangipun lepen Arnon, boten ngantos sami ngancik ing tlatah Moab, awit lepen Arnon punnika ingkang dados tapel-watesipun tanah Moab.

19. Tiyang Israel tumunten nglampahaken utusan dhateng Sang Prabu Sihon, ratunipun tiyang Amori, ratu ing Hesybon. Aturipu Israel dhateng panjenenganipun: “Kawula mugi sami kalilana lumampah nglangkungi nagari dalem punika ngantos dumugi ing papan ingkang kawula sedya.

20. Nanging Sang Prabu Sihon boten pitados dhateng tiyang Israel ingkang badhe lumampah nglangkungi tlatahipun punika malah lajeng ngempalaken wadya-balanipun sadaya. Panjenenganipun makuwon wonten ing Yahas, lajeng nempuh perang nglawan tiyang Israel.

21. Nanging Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel ngulungaken Prabu Sihon dalah sabalanipun sadaya dhateng ing tanganipun tiyang Israel, saha sami dipun soraken temah tiyang Israel ngebroki tanahipun tiyang Amori ingkang manggen wonten ing ngriku.

22. Kanthi makaten satlatahipun tiyang Amori sadaya sami dipun darbeki dening tiyang Israel wiwit ing lepen Arnon ngantos dumugi ing lepen Yabok, saha wiwit ing ara-ara samun ngantos dumugi ing benawi Yarden.

23. Lah sapunika, Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel sampun ngrebat darbekipun tiyang Amori wau kangge Israel, umatipun. Punapa panjenengan dalem badhe ngrebat nagarinipun punika?

24. Panjenengan dalem punapa boten badhe ndarbeni ingkang dados peparingipun Sang Kamos, allah panjenengan dalem? Makaten ugi kawula, inggih ngebeki sadaya ingkang sampun karebat dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula kangge kawula sadaya.

25. Tuwin malih panjenengan dalem punapa nglangkungi saenipun Sang Prabu Balak, bin Zipor, ratunipun bangsa Moab? Panjenenganipun punapa nate mundhut wewenangipun bangsa Israel? Punapa inggih nate nglawan perang?

26. Sampun antawis tigang atus taun tiyang Israel anggenipun sami manggen wonten ing Hesybon sawewengkonipun, kaliyan ing Aroer sawewengkonipun, tuwin wonten ing sakathahipun kitha ing sakiwa-tengenipun lepen Arnon, punapaa dene kitha wau boten panjenengan dalem rebat kala samanten?

27. Dados kawula boten gadhah kalepatan dhumateng panjenengan dalem, nanging panjenengan dalem ingkang damel piawon dhumateng kawula, sarta nempuh perang nglawan kawula. Sang Yehuwah ingkang jumeneng Hakim punika, mugi ngadilana ing antawisipun tiyang Israel kaliyan tiyang bani Amon.”

28. Nanging ratune bani Amon iku ora karsa ndhahar ature Sang Yefta marang panjenengane lumantar para utusan.

maca bab lengkap Para Hakim 11