Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 1:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sasedane Rama Yusak wong Israel tumuli padha neges marang Sang Yehuwah: “Panunggilan kawula sinten ingkang kedah ngrumiyini nglurug perang nglawan bangsa Kanaan?”

2. Pangandikane Sang Yehuwah: “Taler Yehuda kang kudu nglurug, satemene nagara iku wus Sunulungake ing tangane.”

3. Yehuda banjur ngajak Simeon sadulure: “Payo padha bebarengan nglurug menyang ing pandumaning undhianku, padha nglawan perang marang wong Kanaan, dene aku besuk bakal uga genti mbiyantu kowe nglurug menyang ing pandumaning undhianmu.” Simeon banjur maju perang bebarengan karo Yehuda.

4. Taler Yehuda banjur mangkat, Sang Yehuwah nuli ngulungake wong Kanaan lan wong Feris ing tangane, temah padha kagecak ana ing Bezek, sepuluh ewu kehe.

5. Sang Prabu Adhoni-Bezek kepranggul ana ing Bezek, tumuli ditempuh perang, tuwin wong-wong Kanaan lan wong Feris padha disorake.

6. Nanging Sang Prabu Adhoni-Bezek keplajeng, banjur dioyak temah kecekel, sarta jempolaning asta lan sampeyane padha diprotholi.

7. Pangandikane Sang Prabu Adhoni-Bezek: “Suwaunipun wonten ratu pitung dasa sami ndlosor wonten ing sangandhaping meja kula, ngukupi sisaning tedha, sadaya sami kaprotholan jempolaning tangan lan sukunipun; kadosdene ingkang sampun kula tindakaken, inggih makaten pamalesipun Gusti Allah dhateng kula.” Prabu Adhoni-Bezek mau tumuli digawa menyang ing Yerusalem lan seda ana ing kono.

8. Sawuse iku bani Yehuda banjur perang nglawan Yerusalem, nganti bedhah, kutha iku banjur ditumpes klawan landheping pedhang lan dilebur klawan geni.

9. Sawuse mangkono bani Yehuda banjur nglurug perang nglawan wong Kanaan, kang manggon ana ing pegunungan, ing Tanah Negeb lan ing Dhaerah Pagunungan.

10. Yehuda tumuli nglurugi wong Kanaan kang manggon ana ing Hebron -- jenenge Hebron biyen Kiryat-Arba -- sarta ngesorake Sesai, Ahiman lan Talmai.

maca bab lengkap Para Hakim 1