Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 7:5-15 Kitab Sutji (JAV)

5. Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagake astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasake wong Israel saka ing satengahe.”

6. Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah, iku ditindakake kabeh.

7. Anadene nalika iku yuswane Nabi Musa wolung puluh taun lan Rama Harun wolung puluh telu taun, ing nalikane padha munjuk marang Sang Prabu Pringon.

8. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun:

9. “Manawa Pringon akon marang sira: Sira nuduhna sawijining mukjijat, nuli sira ndhawuhana Harun: Jupuken tekenmu, lan uncalna ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, nuli bakal malih dadi ula.”

10. Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta nindakake kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah. Rama Harun nguncalake tekene ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, tekene banjur malih dadi ula.

11. Sang Prabu Pringon tumuli nimbali para sarjana lan juru sihir, lan para ahli Mesir mau iya padha tumindak mangkono uga srana japa-mantrane.

12. Siji-sijine padha nguncalake tekene, lan teken-teken iku padha dadi ula, nanging tekene Rama Harun nguntali teken-tekene wong-wong mau.

13. Ewadene panggalihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temahan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah.

14. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Atine Pringon iku wangkot, ora gelem nglilani lunga bangsa iku.

15. Sira sowana marang Pringon ing wayah esuk, yaiku yen mbeneri metu menyang bengawan kaya adate, sira ngentenana ana ing sapinggire bengawan Nil karo nyekel teken kang maune malih dadi ula.

maca bab lengkap Pangentasan 7