Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 7:14-23 Kitab Sutji (JAV)

14. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Atine Pringon iku wangkot, ora gelem nglilani lunga bangsa iku.

15. Sira sowana marang Pringon ing wayah esuk, yaiku yen mbeneri metu menyang bengawan kaya adate, sira ngentenana ana ing sapinggire bengawan Nil karo nyekel teken kang maune malih dadi ula.

16. Sira banjur matura mangkene: Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun tiyang Ibrani, sampun ngutus kawula sowan ing ngarsa dalem, dhawuhipun: Sira nglilanana lunga umatingSun, supaya padha saosa pangabekti marang Ingsun ana ing pasamunan. Ewadene ngantos dumugi samangke, panjenengan dalem boten karsa miyarsakaken.

17. Margi saking punika, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Anggonira sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, srana mangkene: Lah teken ingkang wonten ing tangan kawula punika badhe kawula sabetaken dhateng ing toya ing benawi Nil, toyanipun lajeng badhe malih dados rah,

18. ulam-ulam ingkang wonten ing benawi badhe sami pejah, benawinipun badhe ngganda bacin, sarta tiyang Mesir sami boten purun ngombe toya ing benawi Nil punika.”

19. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang Harun mangkene: Tekenmu jupuken! Banjur ayatna marang sakehe banyu ing tanah Mesir, marang sadhengah kali, kalen-kalen, blumbang lan sadhengah panggonan banyu, supaya padha maliha dadi getih. Banjur bakal ana getih ing sawratane tanah Mesir, dalah ing sakehe wadhah kayu lan watu.”

20. Nabi Musa lan Rama Harun banjur ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah; tekene diacungake lan disabetake ing banyune bengawan Nil, ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, banyu kang ana ing bengawan Nil kabeh banjur malih dadi getih.

21. Iwak-iwak ing bengawan Nil padha mati, temahan bengawane mambu bacin lan wong Mesir ora bisa ngombe banyune bengawan Nil, sarta sawratane tanah Mesir kebak getih.

22. Nanging para juru sihir ing Mesir iya nindakake mangkono sarana japa-mantrane, temahan galihe Sang Pringon tetep wangkot lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.

23. Sang Prabu Pringon minger banjur kondur menyang ing kedhaton, lan ora maelu marang prakara mau.

maca bab lengkap Pangentasan 7