Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 6:14-29 Kitab Sutji (JAV)

14. Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin. Ohad, Yakhin, Zohar lan Saul, anake wadon bangsa Kanaan, iku gotrah-gotrahe Simeon.

15. Anak-anake Lewi, miturut urut-urutane laire: Gerson, Kehat lan Merari. Lewi umure satus telung puluh pitu taun.

16. Anak-anake Gerson: Libni lan Simei, miturut gotrahe.

17. Anak-anake Kehat: Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel. Umure Kehat satus telung puluh telu taun.

18. Anak-anake Merari: Makhli lan Musi. Iya iku gotrah-gotrahe Lewi miturut urut-urutane.

19. Amram omah-omah karo Yokhebed, adhine bapakne, iku mbabar Rama Harun lan Nabi Musa. Umure Amram nyandhak satus telung puluh pitu taun.

20. Anak-anake Yizhar: Korakh, Nefeg lan Zikhri.

21. Anak-anake Uziel: Misael, Elsafan lan Sitri.

22. Rama Harun nggarwa Eliseba, anake Aminadab, sadulure Nahason, iku nglairake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.

23. Anak-anake Korakh: Asir, Elkana lan Abiasaf, iku gotrahe wong Korakh.

24. Eleazar putrane Rama Harun, njupuk somah salah sawijine anake Putiel, kang banjur nglairake: Pinehas. Iya iku para lajering kula-wargane wong Lewi miturut gotrahe.

25. Iya Rama Harun lan Nabi Musa iku kang padha kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah: “Wong Israel iku padha iriden metu saka ing tanah Mesir miturut golongane.”

26. Iya iku kang padha munjuk marang Sang Prabu Pringon raja ing Mesir, bab ngirid wong Israel metu saka ing tanah Mesir. Iya Nabi Musa lan Rama Harun iku.

27. Nalika Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing tanah Mesir,

28. pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mangkene: “Ingsun iki Yehuwah; sira matura marang Pringon, Raja ing Mesir, bab kabeh kang Sundhawuhake marang sira.”

29. Nanging Nabi Musa munjuk ana ing ngarsaning Sang Yehuwah: “Kawula punika rak boten saged micara, kados pundi Sang Prabu Pringon anggenipun badhe miyarsakaken atur kawula?”

maca bab lengkap Pangentasan 6