Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 40:19-29 Kitab Sutji (JAV)

19. Tendhaning payon banjur digelar nutupi Tarub Suci, lan banjur ditumpangi singeb payon kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

20. Papan angger-anggering Allah banjur dipundhut lan kaselehake ana ing jero pethi, pethine banjur dietrapi pikulan lan ditumpangi tutup pangruwatan.

21. Pethine tumuli diusung menyang ing Tarub Suci, sarta klambune panutup dipasang kagawe ngaling-alingi pethine angger-angger, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

22. Mejane banjur kadokok ana ing jero Tarub Pasewakan, kaprenahake ing jero Tarub Suci sisih lor ing sajabane klambu,

23. sarta ditumpangi roti sesaosan katata ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

24. Padamarane iya tumuli diprenahake ana ing jero Tarub Pasewakan adhep-adhepan karo meja mau, ana ing Tarub Suci sisih kidul,

25. karodene damare padha dipasang ing padamaran kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

26. Misbyah mas dipapanake ana ing jero Tarub Pasewakan ing sangarepe geber.

27. Ing misbyah iku tumuli diobongi dupa wangi kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

28. Sawuse mangkono lawangane Tarub Suci banjur kaparingan geber.

29. Misbyah kurban obaran diprenahake ana ing sangarepe lawang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nuli nyaosake kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah kono, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

maca bab lengkap Pangentasan 40