Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 40:12-31 Kitab Sutji (JAV)

12. Harun lan para anak-anake sira ajokna menyang ing lawanging Tarub Pasewakan, padha sira sucekna klawan banyu.

13. Harun tumuli sira anggonana sandhangan suci, nuli sira jebadana lan sira sucekna supaya banjur nglakonana pagaweaning imam lumadi marang Ingsun.

14. Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna lan sira anggonana kemejan,

15. nuli sira jebadana, kaya anggonira njebadi bapakne, supaya padha nindakna pagaweaning imam lumadi marang Ingsun; lan anggone iki katindakake iku, supaya marga saka jinebadan mau katetepna kaimamane ing salawase turun-tumurun.”

16. Nabi Musa banjur nglampahi kabeh kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah.

17. Bareng ing taun kang kapindho sasi kapisan, tanggal sapisan, Tarub Suci kelakon kaadegake.

18. Nabi Musa ngadegake Tarub Suci iku, ompak-ompake kapasang, blabag-blabage kaetrapake, kendhit-kendhite kapasang sarta cagak-cagake kaadegake.

19. Tendhaning payon banjur digelar nutupi Tarub Suci, lan banjur ditumpangi singeb payon kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

20. Papan angger-anggering Allah banjur dipundhut lan kaselehake ana ing jero pethi, pethine banjur dietrapi pikulan lan ditumpangi tutup pangruwatan.

21. Pethine tumuli diusung menyang ing Tarub Suci, sarta klambune panutup dipasang kagawe ngaling-alingi pethine angger-angger, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

22. Mejane banjur kadokok ana ing jero Tarub Pasewakan, kaprenahake ing jero Tarub Suci sisih lor ing sajabane klambu,

23. sarta ditumpangi roti sesaosan katata ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

24. Padamarane iya tumuli diprenahake ana ing jero Tarub Pasewakan adhep-adhepan karo meja mau, ana ing Tarub Suci sisih kidul,

25. karodene damare padha dipasang ing padamaran kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

26. Misbyah mas dipapanake ana ing jero Tarub Pasewakan ing sangarepe geber.

27. Ing misbyah iku tumuli diobongi dupa wangi kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

28. Sawuse mangkono lawangane Tarub Suci banjur kaparingan geber.

29. Misbyah kurban obaran diprenahake ana ing sangarepe lawang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nuli nyaosake kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah kono, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

30. Wadhahe banyu banjur kadokok ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah, sarta banjur diiseni banyu kanggo sesuci.

31. Nabi Musa, Rama Harun lan para putrane padha wijik asta lan sampeyan klawan banyu iku.

maca bab lengkap Pangentasan 40