Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 38:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. Pikulan mau kang digawe kayu sittah lan diblongsong tembaga.

7. Pikulane tumuli dislobokake ing gelangan kang kaprenah ing lambunge misbyah, supaya bisa kausung. Misbyah mau kang digawe blabag, ing jerone growong.

8. Nuli yasa wadhah banyu lan uga tadhahane kang digawe tembaga, pangilone para wong wadon kang padha ngladeni pagawean ana ing ngarepe lawang Tarub Pasewakan.

9. Karomaneh Bezaleel iya gawe plataran ana ing sisih kidul; gebere plataran mau lena alus tenunan kang benange kaantih, dawane satus asta;

10. cagake klambu rong puluh lan ompake iya rong puluh padha tembaga, nanging canthelane cagak lan sunduke selaka.

11. Ing sisih lor iya satus asta; cagake geber rong puluh lan ompake rong puluh padha tembaga, canthelane cagak lan sunduke salaka.

12. Ing sisih kulon: dawane geber seket asta, cagake sapuluh, ompake sapuluh, canthelane lan sunduke salaka.

13. Lan ing sisih wetan seket asta,

14. yaiku geber kang ana ing sisihe gapura dawane limalas asta, cagake telu ompake telu;

15. lan ing sisih sijine gapura iku dadi sisih-sisihan ana ing gapuraning plataran -- ana gebere limalas asta, cagake telu ompake telu.

16. Sakehe geber ing saubenge plataran iku padha lena alus tenunan kang benange kaantih.

maca bab lengkap Pangentasan 38