Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 35:22-35 Kitab Sutji (JAV)

22. Sakehe wong kang lila legawa atine, lanang wadon, padha teka nggawa anting-anting irung, anting-anting kuping, ali-ali cap lan kalung, sawernaning barang mas-masan; mangkono uga saben wong kang nyaosake pisungsung mas kagem Pangeran Yehuwah minangka pisungsung goyangan,

23. lan saben wong kang duwe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus, wulu wedhus, lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, apadene lulang dhuyung, iya teka nggawa iku.

24. Saben wong kang arep nyaosake pisungsung-mligi awujud selaka utawa tembaga, iku iya teka kalawan nggawa pisungsung-mligi iku konjuk marang Sang Yehuwah, lan saben wong kang duwe kayu sittah, iya teka nggawa iku kanggo ngedegake tarub iku.

25. Karodene sakehe wong wadon kang ahli, padha ngantih dhewe banjur nggawa kang wus diantih mau, yaiku bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus.

26. Lan sakehe wong wadon kang duwe keahlian kanthi legawa padha ngantih wulu wedhus.

27. Para panggedhe padha nggawa sesotya krisopras lan sesotya kang bakal diembani kanggo kotang efod lan tutup dhadha,

28. bumbu-bumbu tuwin lenga kanggo padamaran, kanggo lenga jebad lan kanggo dupa wangi.

29. Sakehe wong lanang lan wadon kang legawa atine padha nguruni kanggo sabarang gegawean kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa supaya digarap wong-wong iku, yaiku wong Israel, iku padha ngladekake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.

30. Nabi Musa tumuli ngandika marang wong Israel: “Lah, Pangeran Yehuwah wus netepake Bezaleel bin Uri bin Hur, saka taler Yehuda,

31. wus kaparingan Rohe Gusti Allah, temah nduweni keahlian, pangreten lan kawruh tumrap sarupane gegawean,

32. yaiku bisa gawe rancangan kang kudu ditindakake bab gawe dandanan mas, selaka lan tembaga,

33. ngukir-ngukir sesotya kang kagawe isen, ngukir kayu lan nindakake sarupane pagawean kang wus karancang mau.

34. Sarta Pangeran Yehuwah wus maringake kapinteran ana ing atine, mangkono uga marang Aholiab bin Ahisamakh saka taler Dhan, temah bisa memulang,

35. padha kaparingan keahlian bisa nggarap sarupane pagawean tukang, gaweane wong kang ahli, nggarap barang sulaman kang manca-warna saka bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus, apadene tenunan, ringkes bisa nggarap sakabehe pagawean lan ngrancang rupa-rupa.

maca bab lengkap Pangentasan 35