Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 35:14-29 Kitab Sutji (JAV)

14. padamaran kang kanggo madhangi dalah pirantine, samare lan lengane kang kanggo padamaran mau;

15. misbyah padupan dalah pikulane, lenga jebad lan dupa saka bumbu kang wangi; klambu lawanganing Tarub Suci;

16. misbyah kurban obaran dalah pancak-sujine tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane;

17. geber plataran, cagake, ompake lan klambu gapura plataran;

18. pathoke Tarub Suci lan pathoke plataran dalah taline;

19. sandhangan dines kanggo ngladeni ana ing pasucen, lan sandhangan suci panganggone Imam Harun lan sandhangane para anake kanggo ngimami.”

20. Wong sapasamuwane Israel kabeh banjur padha bubaran saka ngarsane Nabi Musa.

21. Sawuse mangkono saben wong kang adreng atine, kanthi lila legawa padha ngaturake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah, kanggo pagawean mgrampungake Tarub Pasewakan lan kanggo sakehing kaperluan pangibadah ana ing kono apadene kanggo yasa sandhangan suci.

22. Sakehe wong kang lila legawa atine, lanang wadon, padha teka nggawa anting-anting irung, anting-anting kuping, ali-ali cap lan kalung, sawernaning barang mas-masan; mangkono uga saben wong kang nyaosake pisungsung mas kagem Pangeran Yehuwah minangka pisungsung goyangan,

23. lan saben wong kang duwe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus, wulu wedhus, lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, apadene lulang dhuyung, iya teka nggawa iku.

24. Saben wong kang arep nyaosake pisungsung-mligi awujud selaka utawa tembaga, iku iya teka kalawan nggawa pisungsung-mligi iku konjuk marang Sang Yehuwah, lan saben wong kang duwe kayu sittah, iya teka nggawa iku kanggo ngedegake tarub iku.

25. Karodene sakehe wong wadon kang ahli, padha ngantih dhewe banjur nggawa kang wus diantih mau, yaiku bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus.

26. Lan sakehe wong wadon kang duwe keahlian kanthi legawa padha ngantih wulu wedhus.

27. Para panggedhe padha nggawa sesotya krisopras lan sesotya kang bakal diembani kanggo kotang efod lan tutup dhadha,

28. bumbu-bumbu tuwin lenga kanggo padamaran, kanggo lenga jebad lan kanggo dupa wangi.

29. Sakehe wong lanang lan wadon kang legawa atine padha nguruni kanggo sabarang gegawean kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa supaya digarap wong-wong iku, yaiku wong Israel, iku padha ngladekake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Pangentasan 35