Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 33:12-23 Kitab Sutji (JAV)

12. Nabi Musa banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Lah kawula Paduka pangandikani: Bangsa iki konen mangkat, mangka Paduka boten paring sumerep dhateng kawula, sinten ingkang badhe Paduka dhawuhi nyarengi kawula; ewadene sampun wonten pangandika Paduka dhateng kawula: Ingsun wanuh marang jenengira, lan sira iya wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun.

13. Ingkang punika manawi kawula pancen angsal sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangreh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampeni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka. Paduka mugi karsaa enget, bilih bangsa punika umat Paduka.”

14. Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun pribadi kang bakal nganthi marang sira lan maringi katentreman marang sira.”

15. Unjuke Nabi Musa marang Sang Yehuwah: “Manawi sanes Paduka pribadi ingkang nganthi kawula, kawula mugi sampun ngantos Paduka dhawuhi bidhal saking ngriki.

16. Kadospundi sagedipun kasumerepan, manawi kawula sampun tampi sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, inggih kawula dalah umat Paduka punika? Punika rak margi Paduka nganti lampah kawula sadaya, ngantos kawula dalah umat Paduka punika kabedakaken kaliyan bangsa-bangsa ingkang wonten ing salumahipun bumi punika.”

17. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Panyuwunira iku iya bakal Sunsembadani, awitdene sira wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun lan Ingsun wus wanuh marang sira.”

18. Nanging unjuke Nabi Musa: “Paduka mugi karsaa ngatingalaken kamulyan Paduka dhateng kawula!”

19. Pangandikane Sang Yehuwah: “Sakehing kamulyaningSun bakal Sunlampahake ana ngarepira lan Ingsun bakal ngumandhangake asmane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepira, Ingsun bakal paring sih-mirma lan melasi marang sapa kang Sunwelasi.”

20. Pangeran Yehuwah ngandika maneh: “Sira mesthi ora bisa tahan ndeleng pasuryaningSun, awit ora ana manungsa kang ndeleng Ingsun bisa lestari urip.”

21. Karomaneh pangandikane Sang Yehuwah: “Lah ing sacedhakingSun kene ana papan kang kena sira enciki, kaprenah ana ing dhuwur parang,

22. nuli samangsa kamulyaningSun tindak langkung, sira bakal Sunlebokake ing lowahane parang iku lan sira Suntamengi astaningsun, nganti Ingsun wus langkung.

23. Sawuse mangkono astaningSun bakal Sunsingkirake lan sira bakal ndeleng pengkeraningSun, nanging pasuryaningSun ora bakal katon.”

maca bab lengkap Pangentasan 33