Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 33:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane; sawuse mangkono Nabi Musa tumuli bali menyang ing palereban maneh, nanging abdine, Yusak bin Nun wong nom-noman iku ora lunga saka ing tarub.

12. Nabi Musa banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Lah kawula Paduka pangandikani: Bangsa iki konen mangkat, mangka Paduka boten paring sumerep dhateng kawula, sinten ingkang badhe Paduka dhawuhi nyarengi kawula; ewadene sampun wonten pangandika Paduka dhateng kawula: Ingsun wanuh marang jenengira, lan sira iya wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun.

13. Ingkang punika manawi kawula pancen angsal sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangreh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampeni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka. Paduka mugi karsaa enget, bilih bangsa punika umat Paduka.”

14. Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun pribadi kang bakal nganthi marang sira lan maringi katentreman marang sira.”

15. Unjuke Nabi Musa marang Sang Yehuwah: “Manawi sanes Paduka pribadi ingkang nganthi kawula, kawula mugi sampun ngantos Paduka dhawuhi bidhal saking ngriki.

16. Kadospundi sagedipun kasumerepan, manawi kawula sampun tampi sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, inggih kawula dalah umat Paduka punika? Punika rak margi Paduka nganti lampah kawula sadaya, ngantos kawula dalah umat Paduka punika kabedakaken kaliyan bangsa-bangsa ingkang wonten ing salumahipun bumi punika.”

17. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Panyuwunira iku iya bakal Sunsembadani, awitdene sira wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun lan Ingsun wus wanuh marang sira.”

18. Nanging unjuke Nabi Musa: “Paduka mugi karsaa ngatingalaken kamulyan Paduka dhateng kawula!”

19. Pangandikane Sang Yehuwah: “Sakehing kamulyaningSun bakal Sunlampahake ana ngarepira lan Ingsun bakal ngumandhangake asmane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepira, Ingsun bakal paring sih-mirma lan melasi marang sapa kang Sunwelasi.”

maca bab lengkap Pangentasan 33