Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 30:6-22 Kitab Sutji (JAV)

6. Misbyah padupan iku sira prenahna ing sangarepe geber kang kanggo ngaling-alingi pethi angger-angger, ing sangarepe tutup pangruwatan kang ana ing sadhuwure papan angger-angger, iya ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira.

7. Harun ngobonga dupa kang wangi ana ing misbyah mau saben esuk, samangsa ngresiki damar-damar.

8. Lan samangsa Harun nyumed damar ing wayah sore, Harun iya ngobonga maneh, dadi pangobonge dupa iku ajeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, ana ing satengahira turun-tumurun.

9. Ana ing misbyah iku sira aja ngobong dupa liyane, utawa kurban obaran apadene kurban dhaharan, sarta sira iya aja nyaosake kurban unjukan.

10. Setaun sapisan Harun nindakake panebus ana ing sungu-sungune misbyah iku, nganggo getihe kurban pangruwating dosa, anggone nindakake panebus tumrap misbyah iku saben setaun sapisan ana ing antaranira nganti turun-tumurun, iku prakara kang suci pinunjul kagem Pangeran Yehuwah.”

11. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:

12. “Samangsa sira ngetung cacahe wong Israel, nalika padha didaftar, siji-sijine nyaosna pisungsung minangka panebusing nyawane konjuk marang Pangeran Yehuwah, supaya sajrone kacacahake aja nganti padha kena ing wewelak.

13. Saben wong kang kadaftar nyaosna dhuwit satengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, sasekel iku bobote ana rong puluh gerah; satengah sekel iku minangka pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah.

14. Wong kang bisa kalebu ing pendaftaran iku umure rong puluh taun munggah, iku kudu nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.

15. Wong sugih anggone asok aja luwih lan wong miskin aja kurang saka satengah sekel, samangsa sira padha nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah minangka panebuse nyawa iku.

16. Anadene dhuwit panebus kang sira pungut saka wong Israel iku kaanggoa mragadi pangibadah ana ing Tarub Pasewakan; pranatan iku dadia pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, lan kanggo panebuse nyawanira kabeh.”

17. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

18. “Sira gawea wadhah banyu tembaga satadhahane iya tembaga, kanggo sesuci, iku sira prenahna ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah sarta isenana banyu.

19. Harun lan anak-anake padha wisuha tangan lan sikil nganggo banyu kang ana ing padasan mau.

20. Samangsa arep lumebu ing Tarub Pasewakan, kudu wisuh tangan lan sikil, supaya aja nganti nemahi pati. Mangkono uga samangsa arep menyang ing misbyah perlu ngladeni pangibadah sarta ngobong kurban kang kasaosake sarana geni konjuk marang Pangeran Yehuwah,

21. iya padha wisuha tangan lan sikil dhisik, supaya aja nganti nemahi pati. Iku dadia pranatan kanggo ing salawase, kanggo Harun saanake turun-tumurun.”

22. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:

maca bab lengkap Pangentasan 30