Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 30:11-23 Kitab Sutji (JAV)

11. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:

12. “Samangsa sira ngetung cacahe wong Israel, nalika padha didaftar, siji-sijine nyaosna pisungsung minangka panebusing nyawane konjuk marang Pangeran Yehuwah, supaya sajrone kacacahake aja nganti padha kena ing wewelak.

13. Saben wong kang kadaftar nyaosna dhuwit satengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, sasekel iku bobote ana rong puluh gerah; satengah sekel iku minangka pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah.

14. Wong kang bisa kalebu ing pendaftaran iku umure rong puluh taun munggah, iku kudu nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.

15. Wong sugih anggone asok aja luwih lan wong miskin aja kurang saka satengah sekel, samangsa sira padha nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah minangka panebuse nyawa iku.

16. Anadene dhuwit panebus kang sira pungut saka wong Israel iku kaanggoa mragadi pangibadah ana ing Tarub Pasewakan; pranatan iku dadia pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, lan kanggo panebuse nyawanira kabeh.”

17. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

18. “Sira gawea wadhah banyu tembaga satadhahane iya tembaga, kanggo sesuci, iku sira prenahna ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah sarta isenana banyu.

19. Harun lan anak-anake padha wisuha tangan lan sikil nganggo banyu kang ana ing padasan mau.

20. Samangsa arep lumebu ing Tarub Pasewakan, kudu wisuh tangan lan sikil, supaya aja nganti nemahi pati. Mangkono uga samangsa arep menyang ing misbyah perlu ngladeni pangibadah sarta ngobong kurban kang kasaosake sarana geni konjuk marang Pangeran Yehuwah,

21. iya padha wisuha tangan lan sikil dhisik, supaya aja nganti nemahi pati. Iku dadia pranatan kanggo ing salawase, kanggo Harun saanake turun-tumurun.”

22. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:

23. “Sira njupuka bumbu-bumbu pilihan, blendok mur cuwer limang atus sekel, lan manis jangan kang wangi bobote separone iku, dadi rong atus seket sekel, dringo wangi rong atus seket sekel,

maca bab lengkap Pangentasan 30