Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 28:28-43 Kitab Sutji (JAV)

28. Sawuse mangkono gelangane tutup dhadha iku padha sira talenana mandhuwur oleh gelangane kotang efod srana tali wungu tuwa kaprenah tumumpang ing dhuwur sabuke kotang efod, lan tutup dhadha iku ora kena kapisah karo kotange efod.

29. Mangkono Harun anggone ngemban jenenge para anake Israel ana ing sadhuwuring atine dumunung ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku samangsa lumebu ing pasucen, supaya dadia pangeling-eling kang tetep ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.

30. Lan ana ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku sira pasangana Urim lan Tumim, ana ing sadhuwure jantunge Harun samangsa lumebu seba ing ngarsaning Yehuwah; mangkono Harun anggone tansah ngemban karampungane keputusan tumrap wong Israel, ana ing sadhuwure atine ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.

31. Karo maneh sira gawea jubahe efod nganggo bakal wungu tuwa byur.

32. Gulone anaa ing tengahe; sarta nganggo pinggiran mubeng rupa tenunan, kaya klambi kere, supaya aja nganti suwek.

33. Ing pungkasane jubah iku kaetrapana rerekan delima lawe wungu tuwa, lawe wungu nom lan lawe jingga mubeng temu gelang, kaseling-seling karo klinthingan mas,

34. dadi saben klinthingan mas siji delimane siji, ana ing pinggiraning jubah mau mubeng.

35. Jubah iku dianggoa Harun samangsa nindakake pangibadah, lan unine klinthingan mas mau bisaa keprungu samangsa lumebu pasucen marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan uga samangsa metu, supaya aja nemahi pati.

36. Apadene sira gawea blebekan mas murni lan ing blebekan iku sira ukirna tulisan patrape kaya ngukir cap, unine: Sesengkerane Pangeran Yehuwah.

37. Blebekan iku sira pasangana tali wungu tuwa, katemplekna ing serban ing sisih ngarep.

38. Blebekan iku anaa ing bathuke Harun lan Harun kudu nyangga akibate kaluputan tumrap samubarang kang disucekake dening wong Israel, yaiku tumrap sadhengah kang dadi pisungsung sesengkerane. Blebekan mau kudu tetep tumempel ing bathuke, supaya wong Israel iku katrimah ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.

39. Sira kudu gawe kemejan tenunan endah nganggo lena alus, mangkono uga serban iya saka lena alus, dene sabuke iku kagawea nganggo tenunan mancawarna.

40. Uga para anake Harun iku iya sira gawekna kemejan lan sabuk, iya gawekna kopyah kang minangka rerenggan kamulyan.

41. Sandhangan mau sira anggokna marang kakangira Harun lan anak-anake, sarta sawuse iku banjur sira jebadana, sira wisudhaa lan sira sucekna, supaya padha dadi imam lumadi marang Ingsun.

42. Sarta maneh iya gawekna clana lena, kagawea nutupi kawirangane. Clana mau dawane wiwit bangkekan nganti tekan pupu.

43. Iku kudu dianggo Harun dalah anak-anake samangsa lumebu ing Tarub Pasewakan utawa samangsa nyedhaki misbyah perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, supaya aja nganti kaluputan lan banjur mati. Iku dadia pranatan ing salawase tumrap Harun lan para turune.”

maca bab lengkap Pangentasan 28