Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 23:19-26 Kitab Sutji (JAV)

19. Pepethingane pametune buminira iku ladekna marang ing padalemaning Sang Yehuwah Gusti Allahira. Anggonira nggodhog daginging cempe iku aja nganggo puwaning embokne.”

20. “Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ana ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira ana ing dalan sarta ngirid lakunira menyang panggonan kang Suncawisake.

21. Sira dingati-ati ana ing ngarsane lan ngestokna marang dhawuh-dhawuhe, sira aja gawe duraka marang Panjenengane, awitdene panerakira ora bakal diapura, sabab asmaningSun ana ing batose.

22. Nanging manawa sira temen-temen ngestokake dhawuh-dhawuhe, lan nglakoni sabarang kang Sundhawuhake, Ingsun bakal nglawan marang mungsuhira lan nglawan marang lawanira.

23. Ingsun bakal ngutus malaekatingSun tindak ana ing ngarepira, sarta ngirid lakunira menyang ing tanahe bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Kanaan, bangsa Hewi lan bangsa Yebus, lan para bangsa iku bakal Suntumpes.

24. Sira aja sujud utawa ngabekti marang allahe lan aja niru panggawene, malah padha sira sirnakna babar pisan reca-reca brahala gegaweane.

25. Nanging sira kudu ngabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira, temah roti lan banyune bakal binerkahan lan Ingsun bakal ngedohake lelara saka ing tengahira.

26. Ing nagaranira bakal ora ana wong wadon kang keluron utawa kang gabug. Lan umurira bakal Sunjangkepi.

maca bab lengkap Pangentasan 23