Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 23:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. “Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan.

2. Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan.

3. Iya aja ngiloni prakarane wong miskin.

4. Manawa sira mrangguli sapine utawa kuldine mungsuhira kang ketriwal, poma iku enggal-enggal sira ulihna marang kang duwe.

5. Manawa sira weruh kuldine mungsuhira ambruk marga kabotan momotan, poma sira aja sungkan tetulung, nanging kang duwe sira rewangana mbongkar momotane kalawan eklas.

6. Sira aja ndhoyongake wewenange wong miskin ing sajroning prakarane.

7. Sira ngedohana tindak culika; wong kang ora luput lan kang bener aja sira pateni, awitdene Ingsun ora bakal mbenerake wong kang luput.

8. Sira aja nampani besel, marga besel iku marakake wutane wong melek, lan ngisruhake prakarane wong-wong kang bener.

9. Wong neneka aja sira tindhes, awitdene sira rak wus padha ngerti marang rasaning atine wong neneka, marga sira wus padha ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.

10. Sajroning nem taun sira nyebarana buminira lan ngundhuhana pametune,

11. nanging ing taun kang kaping pitune kudu sira lerenake, lan sira tinggal mangkono bae, supaya panunggalanira kang miskin padha bisaa mangan, lan sisane iku kareben dipangana dening sato-kewan ing alas. Mangkono uga tumrap pakebonanira anggur lan witira jaitun.

12. Nem dina sira nglakonana pagaweanira, nanging ing dina kapitu sira lerena, supaya sapi lan kuldinira padha bisa ngaso; lan supaya anake baturira lan wong kang neneka padha leren.”

13. “Sira diprayitna ing bab sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira: sira aja nyebut jenenge allah liyane, jenenge aja nganti keprungu saka ing cangkemira.

maca bab lengkap Pangentasan 23