Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 22:14-25 Kitab Sutji (JAV)

14. Manawa ana wong nyilih kewane kancane, mangka kewan iku putung sikile utawa mati, nalika kang duwe ora ana ing kono, kang nyilih kudu nglironi saregane.

15. Nanging manawa kang duwe ana ing kono, kang nyilih ora susah nglironi. Yen kewan iku disewa, kapitunane iku kalebu ana ing sewan mau.

16. Manawa ana wong mbujuk sadhengah prawan kang durung pepacangan, sarta banjur sapaturon, bocah wadon iku kudu diepek bojo kalawan mbayar maskawin samurwate.

17. Yen bapakne bocah wadon mau babar pisan ora nglilani anake diepek, iya meksa kudu mbayar salaka samurwate, minangka patukoning prawan.”

18. “Ahli sihir wadon aja sira uripi.

19. Sing sapa laku jina karo kewan, kudu diukum pati.

20. Sing sapa sesajen marang para allah lan ora marang Pangeran Yehuwah, kudu disirnakake.”

21. “Sira aja nguya-uya utawa nindhes wong neneka, marga sira dhewe iya wus ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.

22. Sira aja nganiaya randha utawa bocah lola.

23. Yen nyata sira nganiaya, mangka iku kalawan sora sesambat marang Ingsun, mesthi bakal Sunsembadani pasambate,

24. nuli bakal tuwuh bebenduningSun, sarta sira bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, temah somahira padha dadi randha lan anak-anakira padha lola.

25. Manawa sira ngutangi marang wong panunggalanira, umatingSun kang miskin ana ing antaranira, pangrengkuhira aja kaya salumrahe wong potang, aja sira jaluki anakan.

maca bab lengkap Pangentasan 22