Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 21:20-35 Kitab Sutji (JAV)

20. Manawa ana wong kang nggebugi bature tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadekake patine, iku kudu diwales.

21. Nanging manawa batur mau isih bisa urip sadina utawa rong dina, iku ora diwales, marga batur mau duweke dewe.

22. Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.

23. Nanging manawa wong wadon kang kacilakan iku nganti mati, sira kudu menehi nyawa lirune nyawa,

24. mata lirune mata, untu lirune untu, tangan lirune tangan, sikil lirune sikil,

25. mlicet lirune mlicet, tatu lirune tatu, abuh lirune abuh.

26. Manawa ana wong nggitik bature tukon lanang utawa wadon, kena mripate nganti rusak, iku nglilanana bature mau metu dadi merdika minangka lirune mripate.

27. Utawa manawa anggone nggitik bature tukon lanang utawa wadon mau nganti ompong untune, iya dililanana metu dadi mardika minangka lirune untune.

28. Manawa ana sapi nyundhang wong lanang utawa wadon, nganti ndadekake patine, sapi mau kudu kabenturan watu nganti mati lan daginge aja nganti dipangan, nanging kang duwe sapi bebas saka ing paukuman.

29. Nanging manawa sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang lan kang duwe iya wus dielingake, nanging ora gelem njaga, mangka sawuse iku sapi mau nyundhang maneh wong lanang utawa wadon, lan njalari patine, ing kono sapine dibenturana watu, lan kang duwe iya diukuma pati.

30. Saupama mung dijaluki dhuwit panebus, iku anggone nebus nyawa miturut sapira kang diwajibake dibayar.

31. Manawa kang disundhang iku bocah lanang utawa wadon, pangadilane iya padha karo kang kasebut mau.

32. Nanging manawa sapi mau nyundhang batur tukon lanang utawa wadon, kang duwe sapi kudu mbayar telung puluh sekel selaka marang bendarane batur mau, lan sapine dibenturana watu nganti mati.

33. Yen ana wong mbukak utawa ndhudhuk sumur, mangka ora ditutupi, banjur ana sapi utawa kuldi kacemplung ing kono,

34. kang duwe sumur iku kudu nempuhi sing duwe kewan awujud dhuwit sapira regane, nanging kewane kang mati mau dadi duweke kang wus nempuhi.

35. Yen ana wong duwe sapi, sapine nyundhang sapining liyan, nganti mati, sapi kang isih urip iku kaedola, pepayone diparo, mangkono uga sapi kang mati mau iya dibagi loro.

maca bab lengkap Pangentasan 21