Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 20:17-26 Kitab Sutji (JAV)

17. Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”

18. Kacarita bareng bangsa mau padha krungu gumlegering gludhug lan bledheg samber-samberan, unine kalasangka, apadene kumeluning pega saka ing gunung, padha wedi lan gumeter sarta tumuli padha mundur ngadoh,

19. sarta matur marang Nabi Musa: “Mugi panjenengan kemawon ingkang ngandikani kula, kula badhe sami mirengaken; sampun ta dipun pangandikan dening Gusti Allah, mindhak kula sami nemahi pejah.”

20. Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, awit rawuhe Gusti Allah iku arep nyoba kowe, lan supaya kowe padha duwea ering marang Panjenengane, aja nganti padha gawe dosa.”

21. Anadene bangsa iku anggone ngadeg ana ing kadohan, nanging Nabi Musa nyelaki ing pepeteng lelimengan panggonane lenggah Gusti Allah.

22. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wong Israel padha dhawuhana mangkene: Sira wus padha nyumurupi dhewe anggoningSun mangandikani sira saka ing langit.

23. Sira aja padha gawe brahala salaka utawa mas ana ing sandhingingSun.

24. Ingsun sira gawekna misbyah lemah, sira anggoa nyaosake kurban obaranira lan kurban kaslametanira apadene wedhusira lan sapinira. Ing saben panggonan kang Sunpilih dadi pangeling-eling marang asmaningSun, Ingsun bakal rawuh lan mberkahi sira.

25. Dene saupama Ingsun sira gawekake misbyah watu, iku aja watu tatahan kang sira gawe, sabab manawa anggonira gawe nganggo wadung iku sira nerak kasucene.

26. Mangkono uga anggonira ngunggahi misbyahingSun aja nganggo andha, supaya aja nganti katon kawiranganira.”

maca bab lengkap Pangentasan 20