Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 13:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sakehe anak pambarep iku sira sengkera sumaos marang Ingsun; endi kang lair dhisik saka sadhengah kandhutan ana ing antarane wong Israel, dadia manungsa utawa kewan, iku kagunganingSun.”

3. Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.

4. Ing dina iki kowe padha metu, mbeneri sasi Abib.

5. Samangsa Pangeran Yehuwah wus ngirid kowe lumebu ing tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Hewi lan wong Yebus, nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos marang para leluhurmu bakal kaparingake marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, nuli kowe padha netepana pranatan iki, ing sajroning sasi mangkene iki uga.

6. Pitung dina lawase kowe mangan roti tanpa ragi, ing dinane kang kapitu nganakna riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah.

7. Sajroning pitung dina mau kang dipangan ngemungna roti tanpa ragi, lan sadhengah apa kang mawa ragi utawa kang arupa ragi, ing satlatahmu kabeh aja nganti ana wong kang kanggonan.

8. Karomaneh ing dina iku kowe nerangna marang anakmu lanang: Pangibadah iki kanggo pangeling-eling marang apa kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku nalika aku metu saka ing tanah Mesir.

9. Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.

10. Pranatan iki tetepana ing waktu kang wus ditemtokake saben taun.

maca bab lengkap Pangentasan 13