Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 7:17-26 Kitab Sutji (JAV)

17. Saupama kowe duwe osik: Bangsa-bangsa iku cacahe ngungkuli bangsaku, kapriye anggonku bisa nundhungi?,

18. kowe aja wedi karo wong iku; tansah elinga, apa kang wus dadi pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang Sang Prabu Pringon lan marang saindenge tanah Mesir,

19. yaiku pangrencana-pangrencana kang gedhe, kang wus koksipati dhewe, apadene pratandha-pratandha lan kaelokan sarta asta kang rosa lan lengen kang kaulukake, kang dadi sranane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone ngentasake kowe; iya kaya mangkono uga bakal pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sakehe bangsa kang kokwedeni iku.

20. Karomaneh Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal nekakake tawon nempuh marang bangsa iku, nganti kabeh padha tumpes kang isih kari, sarta kang ndhelik.

21. Aja giris marga saka wong-wong mau, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing tengahmu, Gusti Allah kang mahaagung lan kang nggegirisi.

22. Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal nundhungi para bangsa iku saka ing ngarepmu saka sathithik, ora kena enggal-enggal koktumpes, supaya cacahe buron alas aja nganti kakehan ngluwihi cacahmu.

23. Kaya mangkono anggone bangsa-bangsa mau bakal padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang ing tanganmu, lan bakal padha dikisruhake babar pisan, nganti padha tumpes kabeh.

24. Dalasan ratu-ratune iya bakal padha diulungake marang ing tanganmu supaya jenenge padha koksirnakake saka ing sangisore langit, ora ana wong siji-sijia kang bisa menang karo kowe, nganti kabeh wus padha koktumpes.

25. Reca-recane allahe padha obongen nganti entek, salaka lan mase aja kokmeliki lan aja kokepek dhewe, supaya kowe aja nganti kena kala; awitdene iku jember mungguh ing ngatase Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

26. Lan barang kang jember aja kokgawa lumebu ing omahmu, temah kowe uga bakal katumpes kaya iku; bab iku anggepen nistha lan najis, marga kabeh iku kudu kasirnakake.”

maca bab lengkap Pangandharing Toret 7