Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 6:7-15 Kitab Sutji (JAV)

7. lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu lan rembugen samangsa kowe lagi lungguhan ana ing omahmu, samangsa kowe pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawa samangsa kowe tangi.

8. Sarta maneh padha talenana ing tanganmu minangka pratandha, lan dadia tenger pangeling-eling ana ing bathukmu,

9. apadene padha tulisana ing pipining lawange omahmu lan ing gapuramu.

10. Anadene besuk samangsa wus kelakon kowe diirid dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu lumebu ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu, Abraham, Iskak lan Yakub, bakal diparingake marang kowe, -- kutha-kutha kang gedhe lan endah kang dudu yasanmu,

11. sarta omah-omah kang kebak isi dandanan warna-warna kang becik, mangka dudu kowe kang ngiseni; sarta sumur-sumur mangka dudu kowe kang ndhudhuk, apadene pakebonan anggur lan pakebonan jaitun kang dudu tanduranmu --, lan samangsa kowe wus mangan nganti wareg,

12. nuli dingati-ati aja nganti lali marang Sang Yehuwah kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan.

13. Kowe wedi-asiha lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan anggonmu sumpah iku demia asmane.

14. Aja ngetut-buri allah liya-liyane, panunggalane allah-allahe para bangsa kang ana ing saubengmu;

15. awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allah kang butajengan ana ing tengahmu, supaya aja nganti bebendune Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mulad-mulad marang kowe, temah kowe ditumpes kasirnakake saka ing bumi.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 6