Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 6:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. Prentahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku padha tetepana, mangkono uga pepenget lan katetepane kang wus didhawuhake marang kowe;

18. karomaneh kowe nglakonana apa kang bener lan kang becik ana ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya kowe ginanjara slamet, sarta lumebu lan ngejegi nagara kang becik kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu,

19. kalawan nundhungi sakehe mungsuhmu saka ing ngarepmu, kaya kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah.

20. Ing tembe manawa anakmu takon marang kowe: Menggah pepenget saha katetepan tuwin pranatan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, punika kados pundi?,

21. nuli anakmu mau wangsulana: Kita dhek biyen padha dadi kawulane Sang Prabu Pringon ing tanah Mesir, nanging Sang Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir kalawan asta kang rosa.

22. Pangeran Yehuwah nindakake pratandha lan kaelokan kang nggegirisi lan gawe cilaka tumuju marang ing tanah Mesir, marang Sang Prabu Pringon lan sabrayate kabeh kang padha kita sipati,

23. nanging kita banjur padha dientasake saka ing kono bakal diirid lumebu, prelu diparingi nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhur kita.

24. Kita padha didhawuhi dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya nglakoni sakehe katetepan iku lan supaya padha wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya kita tansah slamet lan supaya kita dilestarekake urip kaya ing dina iki.

25. Dene manawa kita padha nglakoni sakehe pepakon iku kalawan temen-temen ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kaya anggon kita padha didhawuhi, iku bakal kaetung dadi kabeneran kita.”

maca bab lengkap Pangandharing Toret 6