Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 5:22-33 Kitab Sutji (JAV)

22. Iya pangandika iku mau kang didhawuhake dening Sang Yehuwah marang sapepake pasamuwanmu kanthi swara kang banter ana ing gunung ing satengahe geni lan mendhung sarta peteng ndhedhet, lan ora disambeti apa-apa maneh. Kabeh iku banjur diserat ing papan watu loro, tumuli diparingake marang aku.”

23. “Nalika kowe padha krungu swara iku saka ing satengahe pepeteng kang ndhedhet, mangka gununge murub, kowe yaiku, para sakehe pemimpining talermu lan para tuwa-tuwamu padha nyedhaki aku,

24. sarta padha matur: Saestu, Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sampun ngatingalaken kamulyan lan kaluhuranipun dhateng kita, sarta kita sampun sami mireng sabdanipun saking ing satengahing latu. Ing dinten punika kula sampun sami nekseni, bilih wonten manungsa ingkang dipun pangandikani dening Gusti Allah, mangka kok saged lestantun gesang.

25. Nanging sapunika kados pundi, punapaa dene kula kok kedah nemahi pejah. Awitdene latu ageng punika temtu badhe mangsa kula sadaya; manawi kula ngantosa kedangon anggen kula sami mireng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saestu kula sami badhe pejah.

26. Awit pundi wonten panunggilanipun titah ingkang mireng sabdanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang ngandika saking satengahing latu, kados ingkang kula alami punika, mangka saged lestantun gesang?

27. Panjenengan kula aturi sowan nyelak saha midhangetaken sadaya ingkang badhe kadhawuhaken dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saha panjenengan ingkang nglajengaken dhateng kula, sadaya ingkang dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, tumunten badhe sami kula pirengaken saha kula lampahi.

28. Anadene nalika Sang Yehuwah midhanget kang dadi pangucapmu marang aku kaya mangkono iku, tumuli aku dipangandikani dening Sang Yehuwah: Ingsun wus midhanget celathune bangsa iki marang sira; apa kang diucapake kabeh iku becik.

29. Bok iya tetepa anggone padha duwe bebuden mangkono iku yaiku, padha wedi-asih marang Ingsun sarta netepi pepakeningSun, supaya padha ginanjar slamet dalah anak-putune salawas-lawase.

30. Sira mangkata lan tutura marang wong-wong iku: Padha balia menyang tarubmu.

31. Nanging sira ngadega ana ing kene karo Ingsun, sira bakal Sundhawuhi sekehe pepakon, katetepan lan pranatan, kang kudu sira wulangake marang wong-wong iku, supaya padha dilakoni ana ing tanah kang bakal Sunparingake dadi darbeke.

32. Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen.

33. Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”

maca bab lengkap Pangandharing Toret 5