Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 4:22-35 Kitab Sutji (JAV)

22. Awit aku bakal mati ana ing nagara kene, bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden; nanging kowe kang bakal padha nyabrang lan ngejegi nagara kang becik iku.

23. Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe.

24. Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat kaya geni memangsa, Allah kang ambek butajengan.

25. Besuk samangsa kowe wus duwe anak-putu lan wus padha tuwa ana ing nagara kono, mangka kowe banjur tumindak nistha, padha gawe reca kang awujud apa bae, sarta nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, temah kowe padha nuwuhake gerahe panggalihe,

26. ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.

27. Pangeran Yehuwah bakal ndadekake kowe pating slebar ana ing antarane para bangsa, lan cacahmu mung sathithik ana ing antarane para bangsa, kang dadi tujuane anggonmu bakal padha kasingkirake dening Sang Yehuwah.

28. Ana ing kana kowe bakal padha nyembah allah gaweane manungsa, arupa kayu lan watu, kang ora bisa ndeleng utawa krungu, ora bisa mangan utawa ngambu.

29. Bareng ana ing kana kowe lagi padha nggoleki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan iya bakal ketemu, anggere anggonmu nggoleki kanthi gumolonging ati lan gumolonging nyawamu.

30. Samangsa ing tembe kowe karubedan lan kataman samubarang iku mau, kowe banjur bakal mbaleni Pangeran Yehuwah, Gusti Allahu, sarta ngestokake dhawuhe.

31. Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku, Allah kang asipat welasan, kowe ora bakal ditegakake utawa disirnakake; apadene iya ora bakal kalepyan marang prasetyane kang didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.

32. Amarga coba takok-takokna, wiwit ing poncoting langit nganti tekan ing poncoting langit, bab jaman kang kapungkur sadurunge kowe ana, wiwit ing dinane Gusti Allah nitahake manungsa ana ing bumi, apa tau kelakon bab kang samono gedhene iku, utawa apa tau kaprungu prakara kang kaya mangkono iku.

33. Apa tau ana bangsa kang krungu swarane Gusti Allah ngandika saka satengahing geni, kaya anggonmu wus krungu iku, mangka bisa lestari urip.

34. Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?

35. Kowe kang ditedahi iku mau, supaya mangertia yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah, ora ana maneh liyane, kajaba mung Panjenengane.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 4