Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 4:15-24 Kitab Sutji (JAV)

15. Mulane dingati-ati, -- marga kowe ora ndeleng rerupan apa-apa ing kalane Sang Yehuwah mangandikani kowe ana ing gunung Horeb saka ing satengahe geni --,

16. supaya kowe aja padha nindakake piala srana gawe rerupan awujud reca ngemperi brahala apa bae, rerekane wong lanang utawa wong wadon;

17. rerekan kang awujud kewan kang ana ing bumi, utawa awujud manuk mawa swiwi kang mabur ing awang-awang,

18. utawa kewan rumangkang nlosor utawa gumremet ana ing bumi, utawa iwak kang ana ing banyu sangisore bumi;

19. lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane.

20. Mangka kowe iku padha dipilih dening Pangeran Yehuwah kaentasake saka ing perapen paleburan wesi, saka ing tanah Mesir, supaya dadia umat kagungane piyambak, kaya kang kelakon ing dina iki.

21. Nanging Pangeran Yehuwah banjur duka marang aku marga saka kowe, lan supaos, yen aku ora bakal nyabrang ing bengawan Yarden lan ora lumebu ing tanah kang becik kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu.

22. Awit aku bakal mati ana ing nagara kene, bakal ora nyabrang ing bengawan Yarden; nanging kowe kang bakal padha nyabrang lan ngejegi nagara kang becik iku.

23. Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe.

24. Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat kaya geni memangsa, Allah kang ambek butajengan.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 4