Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 34:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. Nalika seda Nabi Musa yuswane satus rong puluh taun, paningale durung blawur lan durung ilang kakiyatane.

8. Wong Israel tumuli padha nangisi Nabi Musa ana ing tanah warata Moab lawase telung puluh dina.Kacarita dina patangisaning kasusahan marga saka Nabi Musa wus rampung.

9. Anadene Sang Yusak bin Nun iku kapenuhan ing rohing kawicaksanan, marga wus ditumpangi asta dening Nabi Musa, mulane wong Israel padha manut marang Sang Yusak, sarta netepi dhawuhe Pangeran Yehuwah kang wus diprentahake dening Nabi Musa.

10. Ing sabanjure wus ora ana nabi maneh kang jumeneng ing antarane Israel kang madhani Nabi Musa, kang ditepangi dening Pangeran Yehuwah aben-ajeng,

11. ing bab sakehe pratandha lan kaelokan, kang katindakake marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah ana ing tanah Mesir tumrap marang Sang Prabu Pringon lan marang sakehe para abdine sarta sawratane nagarane,

12. apadene ing bab sakehe pandamele kang kwasa lan ing bab sakehe prakara kang nggegirisi banget kang ditindakake dening Nabi Musa ana ing ngarepe wong Israel kabeh.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 34