Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 34:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Nabi Musa banjur tindak saka ing tanah warata ing Moab, minggah ing gunung Nebo, pucake pagunungan Pisga ing penere Yerikho, tumuli ditedahi saindenging nagara iku kabeh dening Sang Yehuwah: dhaerah Gilead tutug ing Dhan,

2. tlatahe Naftali kabeh, tanahe Efrayim lan Manasye, tanahe Yehuda sawratane nganti tekan ing sagara kulon;

3. tanah Negeb lan Lebak Yarden, lebak Yerikho, kutha wit kurma, nganti tutug ing Zoar.

4. Tumuli dipangandikani dening Pangeran Yehuwah: “Iki nagara kang Sunprasetyakake kalawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub, dhawuhingSun: Turunira bakal Sunparingi nagara iku. Sira Sunparengake ndeleng kalawan mripatira dhewe, nanging sira ora bakal nyabrang mrana.”

5. Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah banjur seda ana ing kono, ing tanah Moab, miturut pangandikane Pangeran Yehuwah.

6. Banjur dipetak dening Panjenengane ana ing lebake tanah Moab ing penere Bet-Peor, ora ana wong kang weruh pasareane nganti tekan ing dina iki.

7. Nalika seda Nabi Musa yuswane satus rong puluh taun, paningale durung blawur lan durung ilang kakiyatane.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 34