Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 33:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki berkah kang kaparingake dening Nabi Musa abdine Gusti Allah marang wong Israel sadurunge seda;

2. pangandikane mangkene: “Pangeran Yehuwah rawuh saka ing gunung Sinai, nedhaki umate saka ing Seir. Panjenengane ngatingal kalawan cahya mencorong saka ing pagunungan Paran, lan rawuh saka ing antarane para suci puluhan ewu; ing tengahe katon geni murub.

3. Sanyata, Panjenengane ngasihi marang umate, sakehe para abdine kang suci, -- punika sami wonten ing pamengku Paduka saha sami ngadhep wonten ing ngarsaning sampeyan Paduka saha nampeni punapa-punapa saking pangandika Paduka.

4. Anggon kita padha kaparingan angger-anggering Toret iku lumantar Nabi Musa, iku dadi darbeke pasamuwane Rama Yakub.

5. Panjenengane dadi ratu ana ing Yesyurun, nalika para panggedhene bangsa padha nglumpuk bebarengan, yaiku sakehe talere Israel.

6. Kareben Ruben urip, aja mati, nanging wonge cikben sathithik cacahe.”

7. Lan iki kang tumrap Yehuda, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi miyarsakaken unjukipun Yehuda, saha mugi Paduka wangsulaken dhateng bangsanipun, asta Paduka mugi nyarirani perangipun, saha Paduka mugi karsaa mitulungi nglawan mengsahipun.”

8. Tumrap Lewi, unjuke:“Tumim saha Urim Paduka punika dadosa gadhahanipun tiyang ingkang Paduka kasihi, ingkang sampun Paduka cobi wonten ing Masa saha ingkang sampun Paduka pabeni wonten ing sacelakipun tuk ing Meriba;

9. ingkang ngucap bab bapa-biyungipun: Aku ora mreduli; saha ingkang boten purun tepang kaliyan para sadherekipun sarta boten mreduli dhateng anak-anakipun. Awitdene tiyang-tiyang Lewi punika sami ngestokaken dhawuh Paduka saha netepi prajanjian Paduka.

10. Sami mulangaken pranatan Paduka dhateng Yakub, saha angger-angger Paduka dhateng Israel; sami kekutug wangen-wangen wonten ing ngarsa Paduka saha nyaosaken kurban ingkang kabesmi sadaya wonten ing misbyah Paduka.

11. Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa mberkahi kakiyatanipun, saha pedalemanipun mugi ndadosna ing kaparenging panggalih Paduka. Tiyang ingkang sami nglawan tuwin nyengiti mugi Paduka remuk bangkekanipun, ngantosa sami boten saged ngadeg malih.”

12. Tumrap Benyamin iku pangandikane:“Iku kekasihe Sang Yehuwah, kang tentrem pamanggone ana ing ngarsane. Sang Yehuwah kang tansah ngayomi sarta dedalem ana ing ereng-erenging gununge.”

13. Tumrap Yusup, pangandikane:“Nagarane muga kaberkahana dening Sang Yehuwah kalawan pepethingan saka ing langit; kalawan ebun lan banyuning samodra agung kang saka ing dhasaring bumi;

maca bab lengkap Pangandharing Toret 33