Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 28:50-62 Kitab Sutji (JAV)

50. bangsa kang pasemone sumengit, ora mawang marang wong tuwa lan ora melasi marang bocah;

51. kang bakal mangan nganti entek wohing raja-kayamu lan pametuning palemahanmu, tumeka satumpesmu; ora ngarekake gandum, anggur utawa lenga utawa pedhetmu lan cempemu, nganti sasirnamu.

52. Kowe bakal ditindhes ana ing sakehe panggonanmu, nganti balowartimu kang dhuwur lan santosa kang kokandelake iku ing saindenging nagaramu wus padha jugrug. Malah panindhese iku warata ing saenggon-enggon, ana ing sawewengkone nagara kabeh, kang wus diparingake marang kowe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

53. Ing sajrone kasusahan lan rekasa saka panggawene mungsuh iku, kowe nganti tegel mangan wohing wetenganmu, iya daginge anak-anakmu lanang lan wadon peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.

54. Wong lanang ing antaramu kang ringkih dhewe lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane bakal ewa marang sadulure, marang somahe dhewe sarta marang anak-anake kang isih kari,

55. nganti ora gelem menehi daginge anake kang dipangan iku marang salah sijine wong-wong mau, awit ora ana turahane maneh, ing sajrone susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing sakehe panggonanmu.

56. Wong wadon ing antaramu kang ringkih lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane, kang sikile ora tau ngambah lemah awit saka anggone seneng ngumbar kekarepane lan ringkih mau, iku bakal ewa marang bojone dhewe sarta marang anake lanang lan wadon;

57. marga saka ari-arine kang metu saka guwa-garbane utawa marga saka anak-anake kang dilairake; jalaran saka bangeting kacingkrangane nganti mentala mangan iku kalawan dhedhemitan, iya jalaran saka susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing panggonanmu.

58. Manawa kowe ora nglakoni kanthi tumemen sakehe pangandika ing angger-anggering Toret kang katulisan ana ing kitab iki, lan kowe ora gelem ngajeni Asma kang mulya lan nggegirisi iki, yaiku marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,

59. Sang Yehuwah bakal ndhatengake wewelak kang elok marang kowe lan marang turunmu; wewelak kang nggegirisi lan suwe lan lelara mbebayani tur suwe.

60. Panjenengane iya bakal ndhatengake sakehe memala Mesir kang kokwedeni, kabeh iku bakal padha tumemplok ing awakmu,

61. uga sarupane lelara lan sarupane wewelak kang ora katulisan ana ing kitab Toret iki, iku bakal ditekakake dening Sang Yehuwah marang kowe nganti satumpesmu.

62. Temah kekarenmu mung sathithik, mangka maune cacahmu iku kaya lintang ing langit; mulane mangkono awit kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 28