Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 28:34-49 Kitab Sutji (JAV)

34. Kowe bakal dadi owah engetan marga saka sesawangan kang kokdeleng.

35. Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan tatu kang mandi ana ing dhengkul lan pupumu sarta mremen saka dlamakan tumeka ing cumplungmu, kang ora bakal bisa mari.

36. Sang Yehuwah bakal ngulungake kowe dalah rajamu kang kokadegake supaya mengku kowe, marang salah sawijining bangsa kang ora kokwanuhi, lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu; ana ing kana kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang rupa kayu lan watu.

37. Kowe bakal dadi bab kang marakake kaebatan, dadi pocapan lan pepoyokane para bangsa, ana ing wewengkon anggonmu bakal disingkirake dening Sang Yehuwah.

38. Pategalanmu bakal koksebari wiji akeh, nanging anggonmu ngundhuhi mung sathithik, marga bakal dipangani walang.

39. Kowe bakal gawe lan nanduri pakebonan anggur, nanging kowe ora bakal ngombe utawa nandho anggur, marga bakal dipangan uler.

40. Kowe bakal nduweni wit jaitun ana ing sawratane dhaerahmu, nanging kowe ora bisa nglengani awakmu, marga wohe jaitunmu bakal padha gogrog.

41. Kowe bakal duwe anak lanang lan wadon, nanging iku ora bakal padha dadi duwekmu, marga bakal padha dadi tawanan.

42. Sakabehe wit-witanmu lan pametune palemahanmu bakal diebroki grombolan walang.

43. Wong manca kang ana ing tengahmu bakal sangsaya dhuwur ngluwihi kowe, nanging kowe sangsaya keplorod.

44. Bangsa liya mau bakal ngutangi marang kowe, nanging kowe ora bakal ngutangi; iku bakal dadi sirah, nanging kowe bakal dadi buntute.

45. Sakehe wewelak iku bakal nekani lan mburu kowe nganti ketututan, temah kowe banjur tumpes, marga kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ora netepi ing pepakene lan katetepane kang padha didhawuhake marang kowe;

46. iku mau kabeh bakal dadi pratandha lan mukjijat ana ing antaramu lan ing antarane turunmu ing salawase.”

47. “Sarehne kowe ora gelem dadi abdine Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan bungah lan legawaning ati, sanadyan wus kaluberan ing samubarang kabeh,

48. mulane kowe kalawan nandhang kaluwen lan kasatan, sarta kalawan nandhang kawudan tuwin kacingkrangan ing samubarang kabeh bakal ngawula marang mungsuh kang bakal didhawuhi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nglawan kowe; iku bakal ngetrapi pasangan wesi ing cengelmu, nganti kowe sirna.

49. Sang Yehuwah bakal ndhatengake sawijining bangsa kang adoh sangkane, saka ing pungkasane bumi, kang tekane kaya manuk garudha kang nyamber; bangsa kang ora kokngreteni basane;

maca bab lengkap Pangandharing Toret 28