Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 22:7-19 Kitab Sutji (JAV)

7. Saora-orane embokne uculna, mung anake bae kena kokjupuk; iku supaya kowe ginanjara slamet lan umur dawa.

8. Manawa kowe ngadegake omah anyar, payone omahmu iku gawekna pager, supaya omahmu iku aja nganti kapotangan getih, saupama ana wong tiba saka ing kono.

9. Pakebonanmu anggur aja koksebari wiji rong warna, supaya pametune wiji kang koksebar lan pametune pakebonan anggur iku aja nganti tumiba ing papan pasucen.

10. Anggonmu mluku aja nganggo sapi sisihan karo kuldi.

11. Kowe aja nganggo sandhangan tenunan kang bakale rong warna, yaiku wulu wedhus karo lena.

12. Jarit kang nutupi awakmu iku pasangana tali plintiran ing pojoke papat pisan.”

13. “Manawa ana wong lanang kang ngepek bojo, mangka sawuse sapaturon banjur disengiti,

14. sarta didakwa nglakoni pratingkah kang ora patut, diala-ala jenenge, pangucape: Wong wadon iki dakpek bojo, nanging bareng sapaturon, ora ana tandha-tandhane yen isih prawan;

15. ing kono bapa-biyunge bocah wadon mau padha njupuka tandhane prawan bocah iku, dituduhna marang tuwa-tuwane kutha ana ing gapura.

16. Bapakne bocah wadon mau tumuli matura marang para tuwa-tuwa iku: Kula sampun nyukakaken anak kula estri dhateng tiyang jaler punika dados semahipun, nanging lajeng dipun sengiti,

17. kaliyan malih, kauningana, tiyang jaler punika ndakwa anak kula nglampahi pandamel ingkang kirang pantes, pangucapipun: Anak sampeyan punika kula yektosi boten wonten tandhanipun manawi taksih prawan. Mangka punika tandhanipun manawi anak kula taksih prawan, jarite banjur dijerenga ana ing ngarepe tuwa-tuwane kutha.

18. Wong lanang mau tumuli dicekela dening para tuwa-tuwane kutha kono sarta dirangketa,

19. apadene didhendhaa satus sekel salaka, ditampakna marang bapakne bocah wadon, awit wong lanang mau wus ngalakake jenenge prawan ing Israel; apamaneh wong wadon mau tetepa dadi somahe, ora kena ditundhung sajege urip.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 22