Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 22:13-30 Kitab Sutji (JAV)

13. “Manawa ana wong lanang kang ngepek bojo, mangka sawuse sapaturon banjur disengiti,

14. sarta didakwa nglakoni pratingkah kang ora patut, diala-ala jenenge, pangucape: Wong wadon iki dakpek bojo, nanging bareng sapaturon, ora ana tandha-tandhane yen isih prawan;

15. ing kono bapa-biyunge bocah wadon mau padha njupuka tandhane prawan bocah iku, dituduhna marang tuwa-tuwane kutha ana ing gapura.

16. Bapakne bocah wadon mau tumuli matura marang para tuwa-tuwa iku: Kula sampun nyukakaken anak kula estri dhateng tiyang jaler punika dados semahipun, nanging lajeng dipun sengiti,

17. kaliyan malih, kauningana, tiyang jaler punika ndakwa anak kula nglampahi pandamel ingkang kirang pantes, pangucapipun: Anak sampeyan punika kula yektosi boten wonten tandhanipun manawi taksih prawan. Mangka punika tandhanipun manawi anak kula taksih prawan, jarite banjur dijerenga ana ing ngarepe tuwa-tuwane kutha.

18. Wong lanang mau tumuli dicekela dening para tuwa-tuwane kutha kono sarta dirangketa,

19. apadene didhendhaa satus sekel salaka, ditampakna marang bapakne bocah wadon, awit wong lanang mau wus ngalakake jenenge prawan ing Israel; apamaneh wong wadon mau tetepa dadi somahe, ora kena ditundhung sajege urip.

20. Nanging manawa pandakwa mau bener, tegese: bocah wadon iku pancen wus dudu prawan,

21. ing kono bocahe banjur digawaa metu menyang ing ngarepe lawanging omahe bapakne, tumuli dibenturana watu dening wong saisining kuthane, nganti mati, awit wus gawe kuceme wong Israel, dene laku jina ana ing omahe bapakne. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

22. Manawa ana wong lanang ketemu awor turu karo wong wadon kang duwe bojo, karo-karone padha kaukuma pati, iya kang lanang kang nuroni wong wadon mau, iya kang wadon. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

23. Manawa ana bocah wadon isih prawan kang wus duwe pacangan, ketemu karo wong lanang ana ing kutha, banjur dituroni,

24. sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

25. Nanging manawa wong lanang mau ketemu bocah wadon kang wus pacangan iku ana ing ara-ara, banjur diroda-peksa lan dituroni dening wong mau, kang kaukum pati mung wonge lanang dhewe, kang nuroni mau;

26. bocahe wadon aja kokkapak-kapakake. Bocah prawan iku ora ana dosane kang laras karo paukuman pati, marga prakara iku padha kaya manawa ana wong dirampog pepadhane lan dipateni.

27. Sarehne anggone ketemu ana ing ara-ara, mulane sanadyan bocah wadon kang wus pacangan mau bengok-bengok, nanging ora ana kang mitulungi.

28. Manawa ana wong lanang ketemu bocah wadon isih prawan lan durung pacangan, mangka banjur dicandhak lan dipeksa dituroni, sarta tumuli konangan,

29. wong lanang kang nuroni iku banjur menehana dhuwit seket sekel salaka marang bapakne bocah wadon, lan iku tumuli dadia somahe, marga wus diroda-peksa; kang wadon mau ora kena dipegat sajege urip.

30. Wong lanang ora kena njupuk somahe bapakne, ora kena ngungkabi jarite bapakne.”

maca bab lengkap Pangandharing Toret 22