Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 21:9-12 Kitab Sutji (JAV)

9. Kaya mangkono anggonmu mbirat getihe wong kang ora salah saka ing tengahmu, marga srana patrap mangkono kowe nglakoni kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.”

10. “Manawa kowe nglurug perang nglawan mungsuhmu, sarta iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang ing tanganmu, lan kokdadekake tawanan,

11. mangka ing antarane wong-wong mau kowe weruh ana wong wadon kang ayu rupane, temah kowe kepengin arep ngepek wong wadon iku dadi somahmu,

12. wonge banjur gawanen lumebu ing omahmu, wong wadon iku tumuli nyukura rambute lan ngethokana kukune,

maca bab lengkap Pangandharing Toret 21