Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 19:14-21 Kitab Sutji (JAV)

14. “Kowe aja nganti ngelih pathok watesing lemahe pepadhamu kang wus ditetepake dening wong-wong biyen ing tanah-pusaka kang bakal dadi duwekmu ana ing nagara kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi darbekmu.”

15. “Seksi iku manawa mung siji ora kena kanggo nggugat marang wong bab prakara kaluputan apa bae utawa dosa kapriye bae kang bokmanawa dilakoni. Bisane prakara dianggep sah mung landhesan ature seksi loro utawa seksi telu.

16. Saupama ana seksi cidra ndakwa marang wong bab salah sawijining panerak,

17. wong loro kang para-padu iku kasebakna ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe para imam lan para hakim kang ana ing wektu iku.

18. Para hakim mau banjur niti-priksaa kang tliti, dene saupama katitik paseksine iku palsu lan pandakwane goroh marang sadulure,

19. wong iku patrapana kaya kang dadi karepe kang arep ditandukake marang sadulure. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

20. Supaya wong-wong liyane kang padha krungu wartane padha wedi, temah sabanjure ora nganti ana maneh kang nglakoni kadursilan kaya mangkono iku ana ing tengahmu.

21. Wong kaya mangkono iku aja kokwelasi, sabab kudu tumindak, nyawa walese nyawa, mata walese mata, untu walese untu, tangan walese tangan lan sikil walese sikil.”

maca bab lengkap Pangandharing Toret 19